Mbalik dino Minggu maneh, dino minggu iki dino makaryo.. dino sing aku terus terang ora seneng amergo bagiku aku iki isih rodo bingung dengan dino Minggu sing aku kudhu makaryo. Rak yo aneh to bagi wong okeh sing bioso’ne makaryo kie dino senen nganti dino jemuwah, terus ndang-ndang kudhu malik makaryo’ne seko dino minggu nganti dino kemis?
Aku krungu-krungu sih, mbiyen’e luwih aneh maneh amergo makaryo kui seko dino setu nganti dino rebo; prei dino kemis lan jemuwah. Nak kui kan luwih ndagel maneh to, tetapi mungkin memang kui adat’e nang kene alias meh ngopo terusan yen dewe kie nang kene mung ‘mampir ngisi bensin’ istilah’e.. bar bensin’e kebak.. di-stater terus mancal maneh
Tapi mbuh nganti saiki durung ono montor sing siap dipancal, aku dewe ora reti dadi ojo takon okeh-okeh karo aku. Sing aku lakoni saiki mung ngirim lan ngirim terus nggo etuk pancalan, soal’le bar etuk pancalan aku jan asli langsung mancal ora mikir-mikir maneh. Amergo ngopo? Amergo nggo anak.. yen ndak dino aku krungu susah’e bojo ngurus nang RS, ketemu suster lan dokter, di-ping-pong ora karuan, nunggu jam-jaman, ora jelas prosedur’e lan nggawe mumet terus.. opo aku yo tegel ngrungok’no koyo ngono terus ? opo yo aku tegel ndelokno koyo ngono terus ? aku dewe yo ora mudeng nang sawah kene juga, prosedur ora jelas, data pating semrawut, angel’e golek uwong.. susah’e nak diajak diskusi… waah gawe pecah ndase tenan juga.
Dilereni dilit dhisik soal iki, saiki wancine tak critani marang kadhang pamirso blog-ku soal weekend wingi yo.. ben rodo cooling down sethitik. Weekend wingi aku menyang nang supermarket, biasa nggolek sayuran lan macem-macem’e nggo beberapa dino mengarep, sing biasa dituku macem daging, beras, sayuran, buah, Lombok, roti, diapers, plastic sampah, dll. Kui wis dadi menu wajib sing dituku. O iyo aku kudhu ngandani, amergo weekend nang kene dino Jemuwah lan setu, dadi pas dino kemis aku mbladas kantor alias bali gasik. Ora amergo ngopo-ngopo tapi amergo wektu kui anak’ku ono janjian nggo terapi’ne dewekno nang kota, dadi kudhu cepet.
Dadi aku mbladas seko kantor, langsung menyang kono, perjalanan kui sekitar 30 – 45 menitan. Nang ndalan wektu kui ono tilpun mlebu, nomor kene; aku wis mikir angkat ora yo? Ah mendingan rasah angkat. AKu yo ra reti kui nomor kantor opo dudu kok. Luweh batinku. Tekan nggon’e terapi’ne anak ku, begitu nang reception.. si reception langsung ngomong “it’s not allowed to bring kids in his office during consultation”.. mak jeganggik batinku.. karepe’e opo je iki uwong, langsung tak bales’I “hey, I just want to meet him.. “ batinku, aku ora gelem debat karo koe. Tenan wektu si londo (L) teko nemoni dewe, dewekno ngomong karo aku (A) :
L : Hey.. hallo I am XXXX, let’s get inside my room
A : but I heard we are not allowed to bring kids ?
L : well that’s right, perhaps one of you can discuss we me then
A : well, the problem is one of my kid very close with my wife, once she left.. she will start crying unless you can give us other solution
Bojoku : who about we discuss in here instead ?
L : No we can’t.. (mikir-mikir).. well, ok that’s fine; bring all of them inside my room.. it looks that they won’t make any noise
Aku ro bojoku : we are not sure..
Inti’ne kurang ajar, kui tempat teraphy nggo bocah-bocah.. lan jeneng’e bocah mesti yo gawe rame lan rebut, hal sing lumrah. Sebagai wong tuo yo ora iso ngontrol yen si bocah ndang2 nangis lan ribut. Tapi tujok’no anak2-ku behave kabeh. Wis bar diskusi kui dewe bali nang apartemen tapi njaluk ro sopir’e taksi kon njemput maneh mengko jam 20:00 wengi amergo ono janjian karo dokter liyan’ne nang kota maneh. Tekan apartemen, dewe adus lan nyantai dhisik baren boj lan anak-anak-ku. Pas jam 20:00 dewe mangkat maneh.
Tekan nggone dokter, tempat ruang tunggu-ne kui ‘child friendly’ banget lan jembar, bedo banget karo sing mau sore tempat terapi.. koyo loket wae, sempit lan ora lelauasa.. pokokmen ora ‘child friendly’ banget, padahal nggo terapi bocah kui. Lha nggo’ne dokter iki, malah jembar banget. Ono akuarium, ono tempat permainan anak, ono tempat menyusui/ganti pampers.. pokokmen menyenangkan banget. Ketemu dokter’e juga nyeneng’ke.. dewekno pinter nanggepi pertanyaan dewe lan wong’e apik’an banget.. salut lah
Jam 22:00-an dewe metu lan bali nang apartemen, sak janne meh mampir mall meh dolan-dolan tapi amergo wis kewengen, dewe mending bali.. lan bocah-bocah yow is ngantuk berat sih. Tekan ngomah, langsung acara teather 5 segera dibuka… alias nonton DVD filem, nak nggak salah film action, tapi lalu judul’e sing tak tonton. Nonton nganti jam 02:00 esuk-an lah.. terus turu kabeh J tangi podo kawananen termasuk krucil-krucil ku
Dino jemuwah yo mung nang ngomah, amergo kekeselen Kemis’e wingi lan bar nonton film nganti esuk. Dadi acara nyantai lan males.. reti dewe tangi-ne wae podo kawanen kabeh. Sore’ne lagi dewe mlaku nang mall; ben rodo ono hiburan nggo kabeh’e. Dewe mangkat jam 7-an lan tekan mall sekitar jam 8an pas lah.. mlaku-mlaku nganti jam 22:00 lan terus bali, bocah-bocah yo wis kekeselen lan ngantuk mesti’ne kan. Tekan ngomah yo mung garik turu ae.
Dino setu, dewe ora nang endi-endi.. yo mung nang ngomah wae leyeh-leyeh karo ndelok TV.. bocah-bocah yo bioso dolanan nglaor ngidul, playon mrono merene, bebengok’an. Selain kui yo tak nggo nilpun mamahku lah, amergo wis suwe ora kontak-kontak’an. Ngobrol ngalor ngidul lan ndang ndang wis wengi. Turu lan dino minggu yo iki.. makaryo maneh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar