Pendak dino aku selalu ngitung dino
ngitung kapan aku kudhu ngene ki terus, ora nduwe SIM ora jelas status’e
Ngitung wis pirang ndino anak ku nomor 2 wektune wis terbuang sia-sia..
Wis pirang ndino anakku nomor 1 wektune wis terbuang sia-sia..
Wektu sing kudhune iso nggo terapi anakku
Wektu sing kudhune iso nggo anakku sinau ketrampilan liyane
Wektu sing kudhune iso nggo bojoku nlakuk’no sing liyane
Wektu sing kudhune iso nggo aku iso kontribusi luwih lan karo keluarga
Sia-sia wis punjul 8 sasi iki
Sia-sia nunggu sesuatu sing nganti saiki ora jelas-jelas
Sia-sia wektu terbuang tanpo ono sing di-arep-arep
Sia-sia kabeh pengorbananku lan sing mendem roso loro iki
Aku mesakke anakku sing kudune iso terapi lan okeh bantuan
Aku mesakke anakku sing kudune iso sinau luwih lan sosialisasi
Aku mesakke bojoku sing ndak dino mung ngendon lan ngono-ngono wae
Aku mesakke awakku dewe sing kudune iso kontribusi luwih lan iso nikmati wektu luwih positif
Tidak ada komentar:
Posting Komentar