Rabu, 10 Juli 2013

Poso

Dino iki dino sepisan poso nang kene, terus terang iki kali pertama nggo aku lan keluargaku ngalami poso nang kene.. poso sing tenanan poso..
Beberapa tingkah laku sing perlu mbok reteni ..
 
  1. Sedino sak durung’e poso… uwong-uwong podo nang supermarket.. mborong panganan, sayuran lan liyo-liyo’ne
  2. Dalanan dadi macet; kabeh podo metu.. mbuh nang supermarket utowo ngopo aku yo ra reti.. sing pasti dalanan macet
  3. Esuk-esuk dino pertama poso, dalanan sepi nyenyet… asli koyo ra ono kesibukan
  4. Took alias warung makan TUTUP, aku tulis capital amergo asli memang ora buka. TUP TUP TUP… blas ora buka
  5. Aktifitas koyo ora mlaku biasa’ne…
 
Kuwi mau beberapa item sing aku delok wektu dino sepisan poso nang kene, sejatine aku dewe yo wedi.. aku lan keluargaku kie rak ora poso amergo bedo agomo pancen, nah sing dadi masalah adalah amergo dewe kie memang ora bioso poso lan kudu urip nang negoro sing asli strict soal poso.. dewe yo keweden yen salah-salah ngombe, ngrokok, utowo mangan lan ora sadar.. iso-iso dikunjoro. Asli dikunjoro memang aturanne yen keconangan wedangan/madhang/ngrokok wektu poso.
 
Lha jaman mbiyen nang negoro ngastino lan Sam; blas ora masalah.. poso lak nggo sing poso. Sing ora poso yo tetep biasa aktifitas’e, lha nak iki asli kowe ora poso yo kudu melu aturan sing podo poso. Yo aku reti memang negoro kie memang bedo-bedo, aku mung rodo kaget ae, yo maklum lah iki sepisan iki aku nang negoro ngene kie… dadi isih rodo kaget-kagetan.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar