Kamis, 04 Juli 2013

KEMIS REMUK

Dino iki dino Kemis, aku mau esuk tangi’ne kawanenen.. jam 06.45 lan padahal mlebu kantor’e jam 07.00; yo dadi kelabakan. Banjur tangi turu langsung aku nggugah bojo yen wis kawanen, trus lanjut langsung aku njupuk anduk lan mlebu kamar mandi nggo adus.
Neng kamar mandi, bar aku ngurup’ke keran, lagi sadar yen banyu’ne ora ngalir deres koyo biasa’ne, banyu’ne sing biasa’ne puanas (amergo musim panas), dadi ora pati puanas. Sak bar’e rampung adus, aku njur ganti pakaian lan bojoke ngomong, yen listrik apartemen lan lift yo mati.. pikirku haaahh iki ono opo jee.
Aku kie tinggal nang apartemen lantai 9; dadi wektu meh mangkat kerjo dino iki mau, aku kudu medun seko lantai 9. Dadi sikil yo lempoh tenan, opo maneh yen nduwe bocah cilik koyo aku opo bar blonjo urusan dapur. Yen meh munggah nggowo blonjonan lan gowo anak seko lantai dasar nang lantai 9.. wah iso berotot tenan ho?
Akhir’e yow is , aku medun lewat tangga seko lantai 9.. bar kuwi menyang kantor nganggo taksi langananku lan ojo kaget, terang wae aku tekan kantor telat amergo tangi’ku sing kawanen. Tekan kantor?? Koyo biasa’ne koyo ora ono seni’ne.. ora ono sing rodo “NGEEH” ngono lo, kabeh kie ketok’e kok nyantai buanget, tenang banget lan asli gawe uwong dadi muales.
Tekak kantor, yailah bingung meh arep ngopo jal, amergo kantor kie sepi.. yen metu mung sing didelok malah uwong podo ngobrol.. marai tambah demotivasi
 
 
 
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar