Minggu, 14 Juli 2013

Mall - weekend - poso

Dino iki dino Minggu tanggal 14 Juli 2013, makaryo maneh. Mbuh kok aku aras-arasen pendak mluebu nang kantor iki sing padahal sak durung-durung’e aku ra tau aras-arasen mlebu nang kantor. Misal’e wektu nang Ngastino; aku mlebu kantor yo biasa lan seneng-seneng ae.. yen aras-arasen kui amergo kekeselen opo yo mung pisan pindo kadang roso ora lagi mood wae. Wektu nang negoro Sam yo ngono; aku seneng-seneng ae nang kantor.. mung kekeselen lan males teko nang meeting wae, sak luwih’e aku seneng2 wae.
 
Nah nang kene; jleebb.. pendak menyang sawah, yailah sepi nyenyet; ora jelas ngopo lan koyo ora ono diskusi ngono.. dadi nang kanto kie mung ora jelas lan ora karuan. Aku dewe ora reti wong kene kepie, tetapi memang nak nggo aku dewe, koyo rasa-rasane dudu aku ngono. Mbiyen mesti angger mlebu sawah langsung buka computer, tutup pintu lan kerjo wis.. ndang2 mangan lan mulih.. kesel banget lan strees soalle yo etuk tilpun barang.
 
O yo, aku meh crito weekend wingi; dadi weekend.. dewe kie rikane meh mlaku2 nang mall sing paling gedhe nang kene; mangkat jam 5 lan tekan nggone jam 6; dewe mrono numpak taksi. Aku bioso mangko anak’ku nomor siji lan bojoku karo sing nomor 2. Sak dowone dalan seko apartemen nang mall kui sepi’ne ora karuan.. asli jan sepi tenan. Yo ono mobil lewat; tetapi koyo ora bioso wae kok ketok sepi banget.
 
Tekan mall, jam 6 sore; buko poso jam 7 mbengi. Nah iki sing aku temoni nang mall..
 
  1. Took mall bukak’e seko jam 08:00 – 13:00 trus bukak maneh 20:00 – 01:00
  2. Okeh banget uwong jogging nang njero mall, dadi sasi poso kui mall dinggo jogging. Lha iki sepisan nang uripku ndelok jogging nang njeron mall
  3. Mulai jam 18:00 uwong2 wis podo lungguhan nang restaurant lan food court; meh nunggu buko
  4. Sing buka palingan yo supermarket, liyane took yo ono sing bukak tapi sithik lan sing cilik2 wae.. kabeh-kabeh’e tutup
 
Nah dadi aku ro keluargaku akhir’re yo mung supermarket, lan jam 20:00 mulih; lha meh ngopo kan..
 
Dino setu’ne; aku ro keluarga yo mung nang omah trus nang supermarket cedhak apartemen tok soal’le meh nggolek botol ngombe nggo anak’ku; dewe meh ngajari ora nggo dot maneh. Nah mergo kui, dewe saiki wis ngajari nganggo botol biasa. Makane tuku botol nang supermarket.
 
Yo yen supermarket’e sih biasa wae, maksut’e ora koyo nang mall mau sing okeh tutup. Yen supermarket yo tetep buka.. tetep dodol koyo biasane.
 
Nah sing mbedak’ke Ngastino karo kene; yen nang Ngastino. Warung mangan yo tetep bukak biasa, mung ditutupi korden utowo penutup liyane.. yen kowe buka lan mlebu, okeh uwong-uwong yo sing mangan biasa, ngrokok lan sing liyane. Lha nak nang kene, ojo ngarep nemok’ke warung mangan utowo wong mangan nang ndalan/ngrokok.. hukumanne dikunjoro jare’ne
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar