Selasa, 16 Juli 2013

mati

Lagi sepisan iki rasane mung pingin mati, pingin gek ndang rampung urip iki amergo tambah suwe ora tambah jelas lan kepenak tetapi malah tambah ora jelas. Aku terus terang ora reti maneh kenopo kok iso ngene iki. Keluarga berantakan, dalan urip tambah ora jelas, solusi ora ono, masalah nambah terus, otak-ku sing ora kuat..
 
Aku mung kepikiran siji, pingin mati wae.. amergo wis ora jelas, ora ono sing iso dinggo patok’an urip, ora ono sing dinggo tempat bertumpu. Asu kabeh ora jelas kok.. ora ono sing iso digawe nggo arep-arep. Aku ki koyo wis ora nduwe gairah urip. Kepiye maneh, sejak aku ninggalno Ngastino; isine serba blas ora jelas.. lan aneh’e Gusti ora jelas ono nang nedi.. koyo adoh kabeh lan banjur aku ketibanan masalah okeh banget ora bar-bar lan ora ono solusi’ne
 
Kabeh uwong mung ngomong sabar-sabar lan sabar, sing digawe sabar opo aku yo ora reti wong ora ono sing iso dinggo impen-impen kok. Sabar-ku wis entek lan kui mau blas ora ono entuk-entuk’an-ne.
 
Pendak esuk, wis kudu mangkat sawah; begitu tekan sawah wis langsung ora jelas meh ngopo amergo bibit ae nggolek;e uangel tenan. Wis ngono terusan ora ono istirahat’e sing makaryo. Tonggo-tonggo yen dijaluki tulung isine gampang lan iso diatur, tetapi bar dijaluk’I tenanan.. mlethas ora jelas alasanne.. sing ora ono lah, sing ora nemulah, sing sesoklah, sing iki lan kui laah..padahal tugas kudhu rampung sak cepet’e
 
Tekan ngomah, anak nangis, bojo stress, padahal awak lungkrah.. isine akhir’e nyalah’ke nang kene lan terus njur gelut nyalahke pasangan; angger wis gelut njur anak ora kopen, pikiran ora focus, tambah ora ono solusi. Akhir’re tambah mumet
 
Durung yen terimo duit, isine langsung kudu menyang kono lan kene amergo angsuran okeh banget lan akhir’e sing kesisa yo mung sithik. Ketok’e mentereng tetapi bocor’e lubang kie yo gedhe.. dadi nyrocos’e banyu kui gedhe juga
 
Ora mung kui, mikir’ke anak ke-2 sing nggo dewekno, kui wis pikiran njlimet liya’ne meneh… diping-pong ora karuan lan mung digawe kesel tenanan, kon mrono mrene ora jelas padahal tenogo lan wektu terbatas, ora mung kui amergo ra nduwe SIM dadi mrono-mrene mung ngojek, lah yo berarti larang to ? padahal ketemu dokter opo ora ketemu.. yo podo ae, dewe kelangan wektu, tenogo lan duit. Kui durung ditambah yen bocah rewel nangis-nangis ora karuan plus rewel.
 
Nang ndalan yen nang warung utowo took, isi’ne wong’e blas atos lan angkuuh-angkuh; nambah gawe pikiran ora betah. Ngomong’e terkesan kasar lan ora nduwe tepo seliro lan blas ora menghargai. Dijaluki takon malah disambi tilpun utowo SMS lan mung nuding wae kadang ra ngomong
 
Kabeh mau kui dirasakno pas ono nang kene jal, seko esuk mulai mangkat nyawah, tekan sawah, bali ngomah, lan meh turu.. isine mung puanas terus temperatur’e lan ora ndak beres siji-siji, malahan nambah terus nganti mbludak-mbludak ora jelas masalah’e. Akhir’e mung dipilihi lan dipetani masalah’e siji-siji wektu ono wektu longgar.. yen ora pas bengi buanget yo pas weekend; amergo arep metani masalah nang mejo wektu nyawah kie malah susah, amergo internet kumpeni ora iso nggo akses nang email umum.. dadi nyusahke meneh
 
Saiki yen ngono kui nang nduwur.. wis pantes to njaluk mati wae cepet-cepet??
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar