Selasa, 02 Juli 2013

Kurang Ajar

Aku nggak ngerti gih, nganti saiki ora ono sing nyeluk2.. yo ono tetapi isih nang lingkungan kene.. padahal kan aku pingin ndang metu seko lingkungan kene
Ono kejadian sing nggawe aku kudu gelis metu,
Wingi bengi aku karo keluarga menyang dokter bocah nang RS kumpeni, aku ketemu karo dokter nggo konsultasi lan kabeh-kabeh’e
Lan nang akhir pembicaraan, si dokter ngomong yen mendingan aku metu golek tempat liyo seko negoro kene…
 
Jeger.. ati iki rasane keloro-loro, aku yo reti yen aku kudhu gik ndang metu seko kene, tetapi arep nang ndi..
Wong nglamar wae durung ono jawaban kok.. meh metu bludus sak penak’e.. terang wae iku gawe perdebatan sengit nang batin atiku
Pilihanne koyo tarik menarik antara :
 
  1. Waton metu wae, ben bocah iso luwih apik – resikone aku ora mbut gawe
  2. Nunggu ono pidak’an, padahal nganti saprene kie durung ono panggilan bababr blas seko njobo negoro iki – resikone bocah tambah ora kopen
 
Aku asli ora reti karepe Gusti njur kepie, sing pasti kudhu sabar jare wong-wong…. Nganti kapan ora reti, mbuh aku dewe mumet yen wis bali lan nang kantor, ati rasane ora kepenak
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar