Dadi ngerti rasane yen anak nduwe alergi mangan karo ngombe, rasane mesakke banget karo anak
Aku ora nyongko koyo ngene iki kedaden mbik keluargaku, susu ora oleh, opo-opo kudu organic lan okeh banget pantanganne
Dino iki, lagi ae aku etuk tilpun seko bojoku. Dewekno bar seko dokter khusus nggo nutrisi bocah. Bojoku cerito yen
Anakku kudu mangan-manganan sing organic, seko beras, sayuran, tepung, endok, lan kabeh’e musti organic
Pas aku krungu ngono; rasane ati iki mesakke tenan karo anak-ku.. dewekno kie opo-opo wis ora oleh; kudune iso mangan cokelat, permen, lan liyanne
Tapi amergo kondisine; dewekno ora oleh mangan iki lan iku, madu wae ora oleh.. sing padahal madu kie apik nggo antibody
Aku ora reti karep’e Gusti; wis posisi nang kene.. adoh seko sopo-sopo, ora ono kelengkapan sing memadahi… malah kabeh buyar ora karu-karuan
Iki bakalan luwih kepenak yen kabeh nang Ngastino, amergo ono sedulur lan keluarga sing iso ngewang-ngewangi tinimbang koyo ngene iki
Meh minggat yo durung ono penclok’an.. meh ngobati yo susah’e setengah mati amergo opo-opo nggo naksi, lokasi’ne adoh-adoh
Aku asli rasa’ne kie mung pingin nangis, mangkel, lan pingin banget mbengok.. tapi kepiye maneh.. posisiku digawe terjepit ngene, diwage ora iso obah
Digawe asli ora nduwe kebebasan koyo mbiyen, cobo aku nang Ngastino.. mungkin memang panen’e ora seokeh nang kene, tapi…
Cedhak sedulur, cedhak keluarga.. iso diewangi.. terutama nggo anak’ku..
Aku ra ngerti rencana’ne Gusti iki ke-pie.. ora tau dewenehi solusi. Aku eling.. Gusti nate ngomong (lewat film)
“Aku wenehi perlengkapan kanggo koe gen koe iso menyelesaikan masalahmu”.. lhah opo perlengkapanne? Aku kirim riwayat uwis, tapi durung dijawab-jawab
Trus kon pie.. waton metu ngono??? Kui podo wae ora nyelesaikan masalah.. malah nambah
Padahal yen iki diterus-terusno.. wektu’ne tambah nyrepek, tambah sithik.. lan berarti kabeh sing keno anak’ku juga.. trus meh kepieee ???
Dadi kepie-pie kie okeh banget.. iki sing aku delok;
- Bertahan nang sawah kene, trus berarti ora mung anak’ku tapi keluargaku kabeh keno dampak :
- SIM
- Sekolah, makaryo anggo naksi
- Ora ono sekolah khusus
- Obat terbatas
- Dokter terbatas
- Panganan khusus terbatas lan adoooh
- Minggat seko sawah, terus :
- Rung opo cantolan…
- Nggo biaya anak sopo..
- Nggo omah kepie…
Iki mau okeh buntung’e tinimbang untung’e… pilihan sing ono yo etok cantolan nang sawah liyo; mulih kandang.. bar !! arep kepie maneh..???
Tidak ada komentar:
Posting Komentar