Senin, 29 Juli 2013

anak wedhok no 2

Dino iki dino senen, aku wingi meh nulis kegiatan tapi mbuh kenopo rasa’ne aras-arasen.
Topik dino iki sing pingin tak bahas soal anak wedok no 2; mungkin koe kabeh rung reti utowo ora sadar yen roso loro nang sawah iki yo dirasakne karo anak wedok no 2 mungkin. Dewekno kie anak sing lucu, lucu banget.. aku seneng ngguyu yen ndeleng pola tingkah’e.. utowo maneh yen lagi dolanan karo mbakyu’ne
 
Jarak mbakyu karo adine kie cedhak, alias mung setahun; dadi yo kadang rodo pusing.. yen nukok’ke dolanan kudu loro-loro’ne.. ben ora do iri-iri’an J
 
Anak wedok no 2 kie wis ngalami okeh banget pemeriksaan dokter lan tes lab mrono mrene, aku roso’ne mesak’ke temen karo dewekno amergo bocah isih umur 2 taun wis dijupuki getih’e, MRI, coblosi ngalor ngidul.. roso’ne ora tegel.. opo meneh bojoku, amergo dewekno sing ngeter’ke mrono mrene lan nglakoni tes tes kui, lan ora segampang kui.. prosedur’e mblunder ora karu-karuan, suwe banget, lan paling aku mangkel kui di-ping-pong karo system sing amburadul nang RS kene
 
RS sing jare wis nganggo system computer, tapi koordinasi isih jaman bahula tenan. Ono tilpun lan jaringan LAS/email/Microsoft communicator… eeee… mosok pasien sing kudu mrono-mrene golek’I dokter, gawe appointment, golek tanda tangan, gowo surat lan gowo dokumen… uasu to yen ngono? Ono tilpun kui digunak’e yen ono miskomunikasi antar dokter utowo lab; mosok pasien sing dikon mbalik lan dikon konfirmasi.. jan pingin tak buajing-buajing’ke… lha amergo aku krungu seko bojoku jee.. lan mesti’ne kesel banget, wong dewek’an lan gowo anak 2; sing siji bioso digendong
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar