Selasa, 30 Juli 2013

Nunggu sing ora pasti

Pendak dino aku selalu ngitung dino
ngitung kapan aku kudhu ngene ki terus, ora nduwe SIM ora jelas status’e
Ngitung wis pirang ndino anak ku nomor 2 wektune wis terbuang sia-sia..
Wis pirang ndino anakku nomor 1 wektune wis terbuang sia-sia..
 
Wektu sing kudhune iso nggo terapi anakku
Wektu sing kudhune iso nggo anakku sinau ketrampilan liyane
Wektu sing kudhune iso nggo bojoku nlakuk’no sing liyane
Wektu sing kudhune iso nggo aku iso kontribusi luwih lan karo keluarga
 
Sia-sia wis punjul 8 sasi iki
Sia-sia nunggu sesuatu sing nganti saiki ora jelas-jelas
Sia-sia wektu terbuang tanpo ono sing di-arep-arep
Sia-sia kabeh pengorbananku lan sing mendem roso loro iki
 
Aku mesakke anakku sing kudune iso terapi lan okeh bantuan
Aku mesakke anakku sing kudune iso sinau luwih lan sosialisasi
Aku mesakke bojoku sing ndak dino mung ngendon lan ngono-ngono wae
Aku mesakke awakku dewe sing kudune iso kontribusi luwih lan iso nikmati wektu luwih positif
 
 
 
 
 
 

Senin, 29 Juli 2013

anak wedhok no 2

Dino iki dino senen, aku wingi meh nulis kegiatan tapi mbuh kenopo rasa’ne aras-arasen.
Topik dino iki sing pingin tak bahas soal anak wedok no 2; mungkin koe kabeh rung reti utowo ora sadar yen roso loro nang sawah iki yo dirasakne karo anak wedok no 2 mungkin. Dewekno kie anak sing lucu, lucu banget.. aku seneng ngguyu yen ndeleng pola tingkah’e.. utowo maneh yen lagi dolanan karo mbakyu’ne
 
Jarak mbakyu karo adine kie cedhak, alias mung setahun; dadi yo kadang rodo pusing.. yen nukok’ke dolanan kudu loro-loro’ne.. ben ora do iri-iri’an J
 
Anak wedok no 2 kie wis ngalami okeh banget pemeriksaan dokter lan tes lab mrono mrene, aku roso’ne mesak’ke temen karo dewekno amergo bocah isih umur 2 taun wis dijupuki getih’e, MRI, coblosi ngalor ngidul.. roso’ne ora tegel.. opo meneh bojoku, amergo dewekno sing ngeter’ke mrono mrene lan nglakoni tes tes kui, lan ora segampang kui.. prosedur’e mblunder ora karu-karuan, suwe banget, lan paling aku mangkel kui di-ping-pong karo system sing amburadul nang RS kene
 
RS sing jare wis nganggo system computer, tapi koordinasi isih jaman bahula tenan. Ono tilpun lan jaringan LAS/email/Microsoft communicator… eeee… mosok pasien sing kudu mrono-mrene golek’I dokter, gawe appointment, golek tanda tangan, gowo surat lan gowo dokumen… uasu to yen ngono? Ono tilpun kui digunak’e yen ono miskomunikasi antar dokter utowo lab; mosok pasien sing dikon mbalik lan dikon konfirmasi.. jan pingin tak buajing-buajing’ke… lha amergo aku krungu seko bojoku jee.. lan mesti’ne kesel banget, wong dewek’an lan gowo anak 2; sing siji bioso digendong
 

Rabu, 24 Juli 2013

roso ati

Dino Rebo. Dino iki asli aku males, aku mboh kok koyo ora semangat amergo kakean pikiran sing gawe mumet aku, mungkin kui kenopo aku males banget kerjo saiki.. okeh-okeh’e mung tak pending-pending terus. Gawean sing isih mentok kie ono 2 sing urung jelas jluntrungan’ne; ora amergo kepiye, tetapi amergo aku males banget.. ora ono sing gawe nggo penyemangat urip.
 
Iki sing tak delok, pendak nang omah, dewe ndelok film.. iso ngguyu lan ngobrol.. seakan film kui dinggo pelepas kejenuhan, kepenatan karo pikiran sing galau; tetapi sak bar’e film kui bar… pikiran sing ora jelas mau ndang-ndang langsung mbalik maneh lan marai ati nggegirisi, marai lemes nang pikiran.. ora semangat.
Kenopo cobo ? amergo usaha ngirim bibit tanduran ora ono hasil’e, tanduran’ne ora gek ndang ndadi !!!! aku ora reti karep’e kon kepiye ? opo kudhu nyawah nang kene terus utowo kepie ??? ora ono kejelasanne, mangkel rasane atiku iki !
 
 

Selasa, 23 Juli 2013

rasah komentar

Hukuman mati, aku ngeri pendak krungu istilah kui.. amergo lagi ae ndelok nang youtube.com soal hukuman mati kui, inti’ne hukuman mati opo wae kie sadis. Nah ditambah maneh tingkat kesadisannya.. ono sing ditembak, diracun, kursi listrik, dipenggal lan okeh liya’ne.. aku nganti meh muntah ndelok hukuman mati nang youtube
 
Mungkin salahku dewe ngopo nggoleh video malah sing koyo ngono, ora isng liya’ne.. iyo juga, mung roso penasaran ku kui akhir’e malah ora gawe roso kepenak. Hukuman mati kie sak janne kepie sih, bingung aku. Kenopo nggak diganti wae dengan penjara seumur hidup ? menghilangkan nyawa bukan berarti dibalas dengan menghilangkan nyawa juga… logika berpikirnya, tapi yen kui kedadean mbik awak’e dewe utowo keluarga dewe.. mesti dewe njaluk hukuman sing adil.. alias nyowo bayar nyowo
 
Nah kadang komentar uwong kui juga ora solid, ora solid maksutku.. iso ngomong nricis lan santun yen ora keno nang dewekno, tapi yen kejadian kui keno nang dewekno.. mesti njaluk’e sing adil.. sing podo.. ben iso ngrasak’e juga
 
Koyo conto’ne hukuman mati mau, yen nyowo bayar nyowo.. sing ora ngalami bakalan ngomong, wah yo ojo ngono… mbok dadi uwong kie sing ngampuni lan liyo-liyo’ne… tapi yen kui kedaden mbik dewe ? serba susah memang. Luwih becik kie yow is.. rasah komentar
 
Lha meh kepie ? ora komentar kie rak sing paling netral, daripada komentar sing ora karu-karuan.. kui rak seneng’e wong Ngastino; seneng’e komentar ora karuan ngalor ngidul.. persis komentari pertandingan sepak bola kae
 

digilir

Dino iki dino seloso, wingi dino senen ono konco mampir nang ruanganku biasa aku nyawah. Dewekno cerito yen sewengian lungo lan lagi balik jam 03:00 esuk. Aku takon loh kok iso ? dewekno cerito
 
Bar mulih kantor, terus ono acara buka bersama, bar kui lanjut terawih bersama, bar rampung terawih langsung mlaku2 nang mall nganti jam 2 esuk sekalian sahur. Tekan apartemen jam 03:00 esuk. Batinku, woalah yo iki kenopo mlebu sawah diganti jam 09:00 – 15:00 amergo ngene iki. Wayah’e kudune istirahat malah mlaku2 nang mall. Sahur oleh tapi iki mlaku2 dilanjut sahur.. yo terang wae podo klekaran ngantuk
 
Bar kui dewekno cerito, ono wong sing lagi ae resign amergo etuk gawean nang negoro tetonggo, yo apiklah yen ngono.. amergo yen diterus terusno nang kene yo malah ora jelas mengko kepiye’ne to.. dadi mending yen niat’e meh cedhak Ngastino lan etuk sing luwih apik, kenopo ora pikirku..
 
Yo di laen pihak, roso kapan terus giliranku yo…
 
 
 
 

Senin, 22 Juli 2013

77 alasan nopo urip kui indah

Dikopi seko kaskus.co.id (agan GIML [$])
 
 
Seringkali kita menemukan alasan untuk membenci kehidupan kita daripada mencintainya. Dan tahukah anda? Kehidupan akan membenci kita kembali. Berikut ini merupakan 77 alasan untuk mencintai hidup anda. Anda bisa memilih satu, beberapa atau bahkan semua untuk anda ucapkan dan syukuri setiap hari.
 
1. Cintai kehidupan anda untuk semua hal yang anda miliki.
2. Cintai kehidupan anda untuk hal-hal yang akan anda terima.
3. Cintai kehidupan anda untuk semua kepastian yang ada saat ini.
4. Cintai kehidupan anda untuk teman-teman yang anda miliki.
5. Cintai kehidupan anda untuk perjalanan-perjalanan indah yang anda lalui.
6. Cintai kehidupan anda untuk teman-teman baru yang akan anda dapatkan.
7. Cintai kehidupan anda untuk semua nasihat buruk yang tidak anda ikuti.
8. Cintai kehidupan anda untuk semua kenangan indah anda.
9. Cintai kehidupan anda untuk orang-orang yang anda sayangi.
10. Cintai kehidupan anda bagi orang-orang yang anda lupakan, karena mereka akan selalu ada untuk memperkaya hidup anda.
11. Cintai kehidupan anda untuk pekerjaan anda, karena pekerjaan merupakan berkat anda bagi orang lain.
12. Cintai kehidupan anda untuk lelucon-lelucon yang masih ingin anda dengar.
13. Cintai kehidupan anda untuk perjalanan-perjalanan indah yang akan anda lakukan.
14. Cintai kehidupan anda untuk segala hal yang belum pasti, karena hal itu akan menantang anda secara pribadi.
15. Cintai kehidupan anda untuk matahari terbit yang pernah anda lihat.
16. Cintai kehidupan anda untuk matahari terbenam yang masih anda ingat.
17. Cintai kehidupan anda untuk terbitnya matahari esok.
18. Cintai kehidupan anda untuk terbenamnya matahari kemarin.
19. Cintai kehidupan anda untuk semua rejeki yang akan anda terima.
20. Cintai kehidupan anda untuk kesehatan yang anda miliki.
21. Cintai kehidupan anda untuk semua keindahan yang bisa anda lihat di sekitar anda.
22. Cintai kehidupan anda untuk semua keburukan yang ada di sekitar anda, karena hal itu menjadi kontras bagi keindahan yang anda acuhkan.
23. Cintai kehidupan anda untuk semua teka-teki yang belum terpecahkan.
24. Cintai kehidupan anda untuk semua pertanyaan yang belum terjawab.
25. Cintai kehidupan anda untuk semua kemenangan anda.
26. Cintai kehidupan anda untuk semua nasihat baik yang anda ikuti.
27. Cintai kehidupan anda untuk semua kekalahan anda, karena mereka memberikan pelajaran berharga bagi anda.
28. Cintai kehidupan anda untuk musuh-musuh anda, karena mereka ada agar anda belajar mengampuni.
29. Cintai kehidupan anda untuk hal-hal kecil dalam kehidupan anda.
30. Cintai kehidupan anda untuk semua ambisi-ambisi yang anda canangkan.
31. Cintai kehidupan anda untuk semua jawaban yang telah anda peroleh hingga saat ini.
32. Cintai kehidupan anda untuk senyuman yang anda terima setiap hari.
33. Cintai kehidupan anda untuk senyuman yang anda berikan setiap hari.
34. Cintai kehidupan anda untuk pagi yang penuh semangat.
35. Cintai kehidupan anda untuk malam yang romantis.
36. Cintai kehidupan anda untuk kehidupan yang anda temukan kembali melalui mata anak-anak anda.
37. Cintai kehidupan anda untuk wangi hujan.
38. Cintai kehidupan anda untuk hadiah-hadiah yang harus anda berikan.
39. Cintai kehidupan anda untuk semua permainan yang belum anda mainkan.
40. Cintai kehidupan anda untuk salju berikutnya.
41. Cintai kehidupan anda untuk semua ide cemerlang yang anda miliki hari ini.
42. Cintai kehidupan anda untuk semua ide cemerlang yang akan anda miliki esok.
43. Cintai kehidupan anda untuk kejutan esok hari.
44. Cintai kehidupan anda untuk rejeki hari ini.
45. Cintai kehidupan anda untuk semua impian anda yang terwujud.
46. Cintai kehidupan anda untuk kenangan masa lalu, karena kenangan tersebut ada untuk mencerahkan anda.
47. Cintai kehidupan anda untuk semua kata-kata manis yang belum anda ucapkan pada orang-orang yang anda kasihi.
48. Cintai kehidupan anda untuk semua kata-kata manis yang anda dengar dari orang-orang yang anda sayangi.
49. Cintai kehidupan anda untuk semua orang-orang baik yang belum anda temui
50. Cintai kehidupan anda untuk semua kesalahan anda, sehingga anda bisa memiliki banyak waktu untuk memperbaikinya.
51. Cintai kehidupan anda untuk semua petualangan yang belum anda alami.
52. Cintai kehidupan anda untuk semua buku yang belum anda baca.
53. Cintai kehidupan anda untuk semua buku yang belum anda tulis.
54. Cintai kehidupan anda untuk semua tantangan yang harus anda hadapi di kemudian hari.
55. Cintai kehidupan anda untuk semua kisah yang belum anda dengar, tulis atau bayangkan.
56. Cintai kehidupan anda untuk orang yang menatap anda di cermin setiap pagi.
57. Cintai kehidupan anda untuk keluarga yang merawat anda.
58. Cintai kehidupan anda untuk segala hal yang harus anda bagikan dengan orang lain.
59. Cintai kehidupan anda untuk semua yang hilang dalam perjalanan anda, karena kehilangan akan menyediakan tempat untuk sesuatu yang lebih besar.
60. Cintai kehidupan anda untuk perasaan dalam hati anda yang dipenuhi oleh cinta.
61. Cintai kehidupan anda untuk semua impian yang belum tercapai karena anda akan memiliki waktu untuk mewujudkannya.
62. Cintai kehidupan anda untuk semua peluang yang menunggu anda di ujung jalan.
63. Cintai kehidupan anda untuk kebebasan pribadi yang anda raih.
64. Cintai kehidupan anda untuk segala hal yang telah anda ciptakan.
65. Cintai kehidupan anda untuk kesejukan musim hujan.
66. Cintai kehidupan anda untuk energi musim panas.
67. Cintai kehidupan anda untuk istirahat yang baik sepanjang malam tadi.
68. Cintai kehidupan anda untuk keselamatan yang anda lalui sepanjang hari ini.
69. Cintai kehidupan anda untuk semua keindahan dalam diri anda; yang menunggu untuk diketemukan.
70. Cintai kehidupan anda untuk semua warna fantastis yang mewarnai kehidupan anda setiap hari.
71. Cintai kehidupan anda untuk musik indah yang anda dengar hingga hari ini
72. Cintai kehidupan anda untuk orang-orang yang telah anda temui hingga hari ini; karena mereka adalah dunia anda yang berharga.
73. Cintai kehidupan anda untuk angin yang menerpa wajah anda setiap hari.
74. Cintai kehidupan anda untuk perubahan-perubahan mendadak pada rencana anda.
75. Cintai kehidupan anda untuk semua pertengkaran yang anda hindari.
76. Cintai kehidupan anda untuk semua persimpangan yang anda temui setiap hari; mereka ada untuk menawarkan jalan terbaik yang bisa anda pilih.
77. Cintai kehidupan anda untuk setiap detik yang anda lalui, karena detik inilah yang anda miliki, hanya detik ini.
 
 

Minggu, 21 Juli 2013

weekend lan dino minggo

Mbalik dino Minggu maneh, dino minggu iki dino makaryo.. dino sing aku terus terang ora seneng amergo bagiku aku iki isih rodo bingung dengan dino Minggu sing aku kudhu makaryo. Rak yo aneh to bagi wong okeh sing bioso’ne makaryo kie dino senen nganti dino jemuwah, terus ndang-ndang kudhu malik makaryo’ne seko dino minggu nganti dino kemis?
 
Aku krungu-krungu sih, mbiyen’e luwih aneh maneh amergo makaryo kui seko dino setu nganti dino rebo; prei dino kemis lan jemuwah. Nak kui kan luwih ndagel maneh to, tetapi mungkin memang kui adat’e nang kene alias meh ngopo terusan yen dewe kie nang kene mung ‘mampir ngisi bensin’ istilah’e.. bar bensin’e kebak.. di-stater terus mancal maneh
 
Tapi mbuh nganti saiki durung ono montor sing siap dipancal, aku dewe ora reti dadi ojo takon okeh-okeh karo aku. Sing aku lakoni saiki mung ngirim lan ngirim terus nggo etuk pancalan, soal’le bar etuk pancalan aku jan asli langsung mancal ora mikir-mikir maneh. Amergo ngopo? Amergo nggo anak.. yen ndak dino aku krungu susah’e bojo ngurus nang RS, ketemu suster lan dokter, di-ping-pong ora karuan, nunggu jam-jaman, ora jelas prosedur’e lan nggawe mumet terus.. opo aku yo tegel ngrungok’no koyo ngono terus ? opo yo aku tegel ndelokno koyo ngono terus ? aku dewe yo ora mudeng nang sawah kene juga, prosedur ora jelas, data pating semrawut, angel’e golek uwong.. susah’e nak diajak diskusi… waah gawe pecah ndase tenan juga.
 
Dilereni dilit dhisik soal iki, saiki wancine tak critani marang kadhang pamirso blog-ku soal weekend wingi yo.. ben rodo cooling down sethitik. Weekend wingi aku menyang nang supermarket, biasa nggolek sayuran lan macem-macem’e nggo beberapa dino mengarep, sing biasa dituku macem daging, beras, sayuran, buah, Lombok, roti, diapers, plastic sampah, dll. Kui wis dadi menu wajib sing dituku. O iyo aku kudhu ngandani, amergo weekend nang kene dino Jemuwah lan setu, dadi pas dino kemis aku mbladas kantor alias bali gasik. Ora amergo ngopo-ngopo tapi amergo wektu kui anak’ku ono janjian nggo terapi’ne dewekno nang kota, dadi kudhu cepet.
 
Dadi aku mbladas seko kantor, langsung menyang kono, perjalanan kui sekitar 30 – 45 menitan. Nang ndalan wektu kui ono tilpun mlebu, nomor kene; aku wis mikir angkat ora yo? Ah mendingan rasah angkat. AKu yo ra reti kui nomor kantor opo dudu kok. Luweh batinku. Tekan nggon’e terapi’ne anak ku, begitu nang reception.. si reception langsung ngomong “it’s not allowed to bring kids in his office during consultation”.. mak jeganggik batinku.. karepe’e opo je iki uwong, langsung tak bales’I “hey, I just want to meet him.. “ batinku, aku ora gelem debat karo koe. Tenan wektu si londo (L) teko nemoni dewe, dewekno ngomong karo aku (A) :
 
L : Hey.. hallo I am XXXX, let’s get inside my room
A : but I heard we are not allowed to bring kids ?
L : well that’s right, perhaps one of you can discuss we me then
A :  well, the problem is one of my kid very close with my wife, once she left.. she will start crying unless you can give us other solution
Bojoku : who about we discuss in here instead ?
L : No we can’t.. (mikir-mikir).. well, ok that’s fine; bring all of them inside my room.. it looks that they won’t  make any noise
Aku ro bojoku : we are not sure..
 
Inti’ne kurang ajar, kui tempat teraphy nggo bocah-bocah.. lan jeneng’e bocah mesti yo gawe rame lan rebut, hal sing lumrah. Sebagai wong tuo yo ora iso ngontrol yen si bocah ndang2 nangis lan ribut. Tapi tujok’no anak2-ku behave kabeh. Wis bar diskusi kui dewe bali nang apartemen tapi njaluk ro sopir’e taksi kon njemput maneh mengko jam 20:00 wengi amergo ono janjian karo dokter liyan’ne nang kota maneh. Tekan apartemen, dewe adus lan nyantai dhisik baren boj lan anak-anak-ku. Pas jam 20:00 dewe mangkat maneh.
 
Tekan nggone dokter, tempat ruang tunggu-ne kui ‘child friendly’ banget lan jembar, bedo banget karo sing mau sore tempat terapi.. koyo loket wae, sempit lan ora lelauasa.. pokokmen ora ‘child friendly’ banget, padahal nggo terapi bocah kui. Lha nggo’ne dokter iki, malah jembar banget. Ono akuarium, ono tempat permainan anak, ono tempat menyusui/ganti pampers.. pokokmen menyenangkan banget. Ketemu dokter’e juga nyeneng’ke.. dewekno pinter nanggepi pertanyaan dewe lan wong’e apik’an banget.. salut lah
 
Jam 22:00-an dewe metu lan bali nang apartemen, sak janne meh mampir mall meh dolan-dolan tapi amergo wis kewengen, dewe mending bali.. lan bocah-bocah yow is ngantuk berat sih. Tekan ngomah, langsung acara teather 5 segera dibuka… alias nonton DVD filem, nak nggak salah film action, tapi lalu judul’e sing tak tonton. Nonton nganti jam 02:00 esuk-an lah.. terus turu kabeh J tangi podo kawananen termasuk krucil-krucil ku
 
Dino jemuwah yo mung nang ngomah, amergo kekeselen Kemis’e wingi lan bar nonton film nganti esuk. Dadi acara nyantai lan males.. reti dewe tangi-ne wae podo kawanen kabeh. Sore’ne lagi dewe mlaku nang mall; ben rodo ono hiburan nggo kabeh’e. Dewe mangkat jam 7-an lan tekan mall sekitar jam 8an pas lah.. mlaku-mlaku nganti jam 22:00 lan terus bali, bocah-bocah yo wis kekeselen lan ngantuk mesti’ne kan. Tekan ngomah yo mung garik turu ae.
 
Dino setu, dewe ora nang endi-endi.. yo mung nang ngomah wae leyeh-leyeh karo ndelok TV.. bocah-bocah yo bioso dolanan nglaor ngidul, playon mrono merene, bebengok’an. Selain kui yo tak nggo nilpun mamahku lah, amergo wis suwe ora kontak-kontak’an. Ngobrol ngalor ngidul lan ndang ndang wis wengi. Turu lan dino minggu yo iki.. makaryo maneh
 
 

Rabu, 17 Juli 2013

Nyawah

Dino Rebo, isih kurang sedino maneh terus weekend. Ono sing anyar ora dino iki ? kabar anyar seko mau bengi
Dadi mau bengi dewe kie nggoleki sawah sawah, tetapi ora ono sing sesuai kekarepan’ne dewe.. nah dadi keweden to
Yen ora ono sawah-sawah, njur kepie maneh sesok yen pingin nyawah maneh nang Ngastino ?
 
Dadi ngene, aku kie kepikiran yen ora iso nyawah nang Ngastino njur terus kepie.. opo saklawas’e kudu nyawah nang nggo’ne uwong liyo
Terus? Rak yo mestine ora to, tapi yen durung ono sing dodolan sawah njur terus kepie maneh..?
 
Aku kie mbuh ora reti babar blas karep’e Gusti
 

Selasa, 16 Juli 2013

mati

Lagi sepisan iki rasane mung pingin mati, pingin gek ndang rampung urip iki amergo tambah suwe ora tambah jelas lan kepenak tetapi malah tambah ora jelas. Aku terus terang ora reti maneh kenopo kok iso ngene iki. Keluarga berantakan, dalan urip tambah ora jelas, solusi ora ono, masalah nambah terus, otak-ku sing ora kuat..
 
Aku mung kepikiran siji, pingin mati wae.. amergo wis ora jelas, ora ono sing iso dinggo patok’an urip, ora ono sing dinggo tempat bertumpu. Asu kabeh ora jelas kok.. ora ono sing iso digawe nggo arep-arep. Aku ki koyo wis ora nduwe gairah urip. Kepiye maneh, sejak aku ninggalno Ngastino; isine serba blas ora jelas.. lan aneh’e Gusti ora jelas ono nang nedi.. koyo adoh kabeh lan banjur aku ketibanan masalah okeh banget ora bar-bar lan ora ono solusi’ne
 
Kabeh uwong mung ngomong sabar-sabar lan sabar, sing digawe sabar opo aku yo ora reti wong ora ono sing iso dinggo impen-impen kok. Sabar-ku wis entek lan kui mau blas ora ono entuk-entuk’an-ne.
 
Pendak esuk, wis kudu mangkat sawah; begitu tekan sawah wis langsung ora jelas meh ngopo amergo bibit ae nggolek;e uangel tenan. Wis ngono terusan ora ono istirahat’e sing makaryo. Tonggo-tonggo yen dijaluki tulung isine gampang lan iso diatur, tetapi bar dijaluk’I tenanan.. mlethas ora jelas alasanne.. sing ora ono lah, sing ora nemulah, sing sesoklah, sing iki lan kui laah..padahal tugas kudhu rampung sak cepet’e
 
Tekan ngomah, anak nangis, bojo stress, padahal awak lungkrah.. isine akhir’e nyalah’ke nang kene lan terus njur gelut nyalahke pasangan; angger wis gelut njur anak ora kopen, pikiran ora focus, tambah ora ono solusi. Akhir’re tambah mumet
 
Durung yen terimo duit, isine langsung kudu menyang kono lan kene amergo angsuran okeh banget lan akhir’e sing kesisa yo mung sithik. Ketok’e mentereng tetapi bocor’e lubang kie yo gedhe.. dadi nyrocos’e banyu kui gedhe juga
 
Ora mung kui, mikir’ke anak ke-2 sing nggo dewekno, kui wis pikiran njlimet liya’ne meneh… diping-pong ora karuan lan mung digawe kesel tenanan, kon mrono mrene ora jelas padahal tenogo lan wektu terbatas, ora mung kui amergo ra nduwe SIM dadi mrono-mrene mung ngojek, lah yo berarti larang to ? padahal ketemu dokter opo ora ketemu.. yo podo ae, dewe kelangan wektu, tenogo lan duit. Kui durung ditambah yen bocah rewel nangis-nangis ora karuan plus rewel.
 
Nang ndalan yen nang warung utowo took, isi’ne wong’e blas atos lan angkuuh-angkuh; nambah gawe pikiran ora betah. Ngomong’e terkesan kasar lan ora nduwe tepo seliro lan blas ora menghargai. Dijaluki takon malah disambi tilpun utowo SMS lan mung nuding wae kadang ra ngomong
 
Kabeh mau kui dirasakno pas ono nang kene jal, seko esuk mulai mangkat nyawah, tekan sawah, bali ngomah, lan meh turu.. isine mung puanas terus temperatur’e lan ora ndak beres siji-siji, malahan nambah terus nganti mbludak-mbludak ora jelas masalah’e. Akhir’e mung dipilihi lan dipetani masalah’e siji-siji wektu ono wektu longgar.. yen ora pas bengi buanget yo pas weekend; amergo arep metani masalah nang mejo wektu nyawah kie malah susah, amergo internet kumpeni ora iso nggo akses nang email umum.. dadi nyusahke meneh
 
Saiki yen ngono kui nang nduwur.. wis pantes to njaluk mati wae cepet-cepet??
 

Sugih

Wong Sugih..
 
Aku kit mulai teko nang pasir, kerep banget aku krungu uwong Ngastino ngomong “nang kene kie okeh wong sugih”, “okeh mobil apik-apik nang kene iki”, lan liyo-liyo’ne.. aku ndelok utowo krungu sepintas memang bener ono’ne.. memang ono mobil apik-apik; sak janne sih yen jujur, nang negoro Sam luwih okeh maneh. Ndelok mobil belut-belut kie ndak dino iso nonton..
 
Nah tapi dudu kui sing meh tak bahas edisi dino iki, sing pingin tak bahas kui.. opo negoro Ngastino ora sugih2 juga ? nah ayo cobo ayo dipreteli yo.
 
Gawean. Nang Pasir, kui tipe gawean sithik; alias ora seokeh nang Ngastino. Selain kui juga, njaluk’e gaji dhuwur2 banget. Nah sing iso ngopeni gaji dhuwur malah dudu perusahaan swasta; tetapi pemerintah alias perusahaan plat abang. Nang Pasir, pegawe plat abang kui menjadi idola kabeh uwong amergo gaji lan tentu tujangan sing iso ketunjang-tunjang. Lha nak Ngastino ? PNS kui yo dadi idola, tetapi amergo dudu gaji lan fasilitas, luwih nang nggon urip tentrem, nyaman lan santai. Yen ngomong’ke soal nggolek gaji malah podo nang perusahaan swasta. Nah tipe gawean nang Ngastino kui yo bejibun okeh buanget. Arep seko sales, kerjo nang alf@mart, sopir, pulsa, dll.
 
Sugih gawan bayi. Nah iki salah satu’ne nang Pasir lan sekitarnya. Yen mbok gatek’no.. uwong sugih2 seko daerah kene dan sekitarnya okeh-okeh’e memang gawan bayi, maksut’e misal seko turunan’e wong nduwe kuoso, turunan kerajaan, turunan pejabat, klan/marga lan liyo-liyo ngono. Bakalan jarang kowe moco sing seko usaha mulai seko NOL. Lha Ngastino ? wong sugih-sugih komposisi’ne yo ono sing seko turunana kuoso/pejabat ngono, tetapi rasio karo sing mulai seko NOL yo okeh.. delok wae sing nduwe Gudang Garam, Djarum, Cipaganti, Mirota, NY Suharti, Supramu Santosa, dll. Kui mau njalanke seko NOL alias ora ono embel-embel ‘pejabat/kuoso’ nganti iso gedhe ngono
 
Pajek Kendaraan. Nah soal okeh kendaraan larang/apik2 nang Pasir tinimbang Ngastino iki asline mung masalah pajek kok. Amergo nang Pasir kui pajek impor mobil kui cilik banget dibanding Ngastino. Yen Ngastino dipadak’ke pajek’e mbik kene.. bakalan luwih okeh ngastino.. ora percoyo ?
 
Iki conto’ne.. rego Fortuner nang Ngastino sekitar 400 yuto lan yen nang Pasir sekitar 170-200an yuto; iki masuk akal amergo pajek mlebu + ongkos liyo’ne kan sekitar 200% seko rego asli mobil’e.. iki beberapa komponen pajak lan conto itungan’ne sing tak jupuk seko kaskus (ID : gayus.versibaik) :
 
Bea Masuk

Setiap barang dari luar Daerah Pabean/Luar Negeri hendak masuk ke Daerah Pabean/Indonesia maka harus dikenai Bea Masuk, berikut besarannya:

Bea masuk = CIF x tarif bea masuknya (bisa 0%, 5%, 10% dst lihat di BTBMI)

CIF adalah Cost (C)= harga barang, Insurance (I) = Asuransi, Freight (F) = Ongkos Kirim
 
PPh 22 Impor
Besarnya PPh Pasal 22 Impor adalah sbb :
  • Importir yang memiliki Angka Pengenal Impor (API) sebesar 2,5% x Nilai Impor
 
  • Importir yang tidak memiliki Angka Pengenal Impor (API) sebesar 7,5% x Nilai Impor
 
  • Atas barang-barang impor yang dilelang oleh Ditjen Bea Cukai sebesar 7,5% x Nilai Lelang.


Nila Impor sendiri adalah CIF + Bea Masuk
 
PPnBM (Pajak Penjualan atas Barang Mewah)adalah pajak yang dikenakan terhadap :
  • Penyerahan Barang Kena Pajak yang tergolong mewah yang dilakukan oleh pengusaha yang menghasilkan barang tersebut di dalam Daerah Pabean dalam kegiatan usaha atau pekerjaannya.
 
  • Impor Barang Kena Pajak yang tergolong mewah.

PPnBM hanya dikenakan satu kali, yakni saat penyerahan dari produsen atau importir.
Besaran PPnBM adalah mulai dari 10% hingga 200%.
 
PPN (Pajak Pertambahan Nilai)adalah pajak yang dikenakan atas setiap pertambahan nilai dari barang atau jasa dalam peredarannya dari produsen ke konsumen.
besaran PPN adalah 10% x DPP (Dasar Pengenaan Pajak).
DPP dalam hal ini bisa Harga Barang atau Nilai Impor (keterangan lebih lanjut tentang DPP bisa baja di buku perpajakan Indonesia!)
dan PPN bisa dikenakan di setiap mata rantai transaksi, jadi jika anda belinya melalui importir hanya dikenai 1 kali (perpindahan dari importir ke anda), tapi jika melalui distributor bisa dikenai 2 kali (saat perpindahan dari importir ke ditributor dan saat distributor ke anda)
 
CONTO ITUNGAN :
 
gua mau ngasih conto tapi tak punya buku referensi, takutnya salah,,
misal aja ya, ini
itungan kasarnya,,

- dr Itali harga mobil 600jeti (sebagai C/Cost)
- asuransi dalam pengiriman barang (kalo hilang, rusak, tenggelam) 150jeti sbg (I/Insurenc),
- trus biaya kirim 200 jeti (F/ freight)

# jadi CIF=900jeti

-kemudian Bea Masuk (BM),
kita ambil yg terkecil aja (5%)

# BM = 5%x 950jeti = 47,5jeti

#Nilai Impor=
CIF + BM= 997,5 jeti (genapkan saja jadi 1M)


PPH 22 (tarif buat conto kita ambil yang
terkecil= 2.5%)

#2,5%xNilai Impor= 2,5% x 1M= 25 jeti

- PPnBM (sbg conto tarif kita ambil yang
kecil saja 20%)

# 20% x Nilai Impor = 20% x 1M = 200jeti

PPN (10%)

#10% x Nilai Impor = 10% x 1M = 100jeti

total= CIF+BM+PPH22+PPnBM+PPN= 1,3 M

jadi Ferrari yang dari Itali seharga 600jeti bisa menjadi 1,3 M (pajaknya sebesar 400jetian, itu karena kita ambil tarif terkecil semua,
padahal ferrari mobil super mewah)
 
Nah ketok banget to.. rego mlebu Ngastino, kui sekitar 2x lipat harga asli’ne..
 
Arti’ne opo ? arti’ne yen Ngastino nganggo model pajek impor mobil koyo Pasir.. uwong bakalan okeh banget nduwe kendaraan mewah nang Ngastino. Bayangkan wae; dengan rego mobil selangit-langit wae, wong Ngastino iso kuat tuku kok.. opo maneh yen rego’ne dipangkas separuh’e.. tambah okeh banget kan ??
 
Dadi sak durung’e ngecap kui, didelok sing temenan.. sopo reti memang wis wajar-wajar wae alias lumrah yen okeh mobil mewah nang kene.
 
 
 
 
 

Senin, 15 Juli 2013

TKI

Dino iki aku moco berita soal TKI nang Timur Tengah, aku meh quote salah satu berita sing tak jupuk seko berita online..
Meski berita kui taun 2010, tetapi aku rungu-rungu yo isih valid kok; memang’e karakter menungso iso berubah kurang dari 5 tahun ? aku ngomong karakter yah.. dudu behavior..
 
Penyiksaan yang dialami TKI Sumiati asal Nusa Tenggara Barat, tambahnya, kemungkinan disebabkan ia belum mahir mengoperasikan peralatan rumah tangga di rumah majikan, sehingga bisa menyulut penyiksaan terhadap TKI. Karena itu, ia minta calon TKI yang diberangkatkan ke luar negeri perlu memiliki keterampilan yang memadai.
 
Nah cobo diwoco maneh sing tak kandeli kui, dadi nang berita kui karo sumber sing dinggo karo berita kui; iso di-infer bahwa amergo ora mahor ngoperasikke alat rumah tangga, kuilah sing menyulut penyiksaan.. Karena itu ia minta calon TKI punya ketrampilan memadai..
 
Hayo kui podo wae lepas tanggung jawab kabeh :
 
  1. Makane sebelum dikirim kui, training lan dites.. seko ketrampilan lan boso inggris
  2. Sing salah yo sing ngirimke TKI; durung siap kok wis dikirim
  3. Begitu wis dikirim, ono salah ngono.. malah disalahno TKI’ne.. lha wong TKI kebanyakan yo wong ndeso; terang wae kurang dong nggunak’ke ‘microwave’ misal’e
  4. Kok dadi koyo pembenaran, malah mbelo sing mukuli… amergo ora iso nggunak’ke peralatan; makane mereka dipoukuli… LHAH ?? kudune nara sumber kui kan mbelo TKI.. normal wae lah mereka durung iso, tetapi nak durung iso terus disiksa.. kui salah. Segala sesuatu dimulai dari TIDAK TAHU
 
Aku kadang memang ora reti pola pikir’e bongsoku dewe; malah koyo nyalahke TKI.. cobo dulur’e dewekno sing dingonok’e.. opo yo gelem ? mbok yo duwe empati sithik
 

Minggu, 14 Juli 2013

Mall - weekend - poso

Dino iki dino Minggu tanggal 14 Juli 2013, makaryo maneh. Mbuh kok aku aras-arasen pendak mluebu nang kantor iki sing padahal sak durung-durung’e aku ra tau aras-arasen mlebu nang kantor. Misal’e wektu nang Ngastino; aku mlebu kantor yo biasa lan seneng-seneng ae.. yen aras-arasen kui amergo kekeselen opo yo mung pisan pindo kadang roso ora lagi mood wae. Wektu nang negoro Sam yo ngono; aku seneng-seneng ae nang kantor.. mung kekeselen lan males teko nang meeting wae, sak luwih’e aku seneng2 wae.
 
Nah nang kene; jleebb.. pendak menyang sawah, yailah sepi nyenyet; ora jelas ngopo lan koyo ora ono diskusi ngono.. dadi nang kanto kie mung ora jelas lan ora karuan. Aku dewe ora reti wong kene kepie, tetapi memang nak nggo aku dewe, koyo rasa-rasane dudu aku ngono. Mbiyen mesti angger mlebu sawah langsung buka computer, tutup pintu lan kerjo wis.. ndang2 mangan lan mulih.. kesel banget lan strees soalle yo etuk tilpun barang.
 
O yo, aku meh crito weekend wingi; dadi weekend.. dewe kie rikane meh mlaku2 nang mall sing paling gedhe nang kene; mangkat jam 5 lan tekan nggone jam 6; dewe mrono numpak taksi. Aku bioso mangko anak’ku nomor siji lan bojoku karo sing nomor 2. Sak dowone dalan seko apartemen nang mall kui sepi’ne ora karuan.. asli jan sepi tenan. Yo ono mobil lewat; tetapi koyo ora bioso wae kok ketok sepi banget.
 
Tekan mall, jam 6 sore; buko poso jam 7 mbengi. Nah iki sing aku temoni nang mall..
 
  1. Took mall bukak’e seko jam 08:00 – 13:00 trus bukak maneh 20:00 – 01:00
  2. Okeh banget uwong jogging nang njero mall, dadi sasi poso kui mall dinggo jogging. Lha iki sepisan nang uripku ndelok jogging nang njeron mall
  3. Mulai jam 18:00 uwong2 wis podo lungguhan nang restaurant lan food court; meh nunggu buko
  4. Sing buka palingan yo supermarket, liyane took yo ono sing bukak tapi sithik lan sing cilik2 wae.. kabeh-kabeh’e tutup
 
Nah dadi aku ro keluargaku akhir’re yo mung supermarket, lan jam 20:00 mulih; lha meh ngopo kan..
 
Dino setu’ne; aku ro keluarga yo mung nang omah trus nang supermarket cedhak apartemen tok soal’le meh nggolek botol ngombe nggo anak’ku; dewe meh ngajari ora nggo dot maneh. Nah mergo kui, dewe saiki wis ngajari nganggo botol biasa. Makane tuku botol nang supermarket.
 
Yo yen supermarket’e sih biasa wae, maksut’e ora koyo nang mall mau sing okeh tutup. Yen supermarket yo tetep buka.. tetep dodol koyo biasane.
 
Nah sing mbedak’ke Ngastino karo kene; yen nang Ngastino. Warung mangan yo tetep bukak biasa, mung ditutupi korden utowo penutup liyane.. yen kowe buka lan mlebu, okeh uwong-uwong yo sing mangan biasa, ngrokok lan sing liyane. Lha nak nang kene, ojo ngarep nemok’ke warung mangan utowo wong mangan nang ndalan/ngrokok.. hukumanne dikunjoro jare’ne
 

Kamis, 11 Juli 2013

Drill

Dino iki jam 11.30-am ndang-ndang ono ‘drill’; fire drill iki latihan ngono (iso latihan kebakaran, gempa bumi, pokokmen evakuasi).
Nah latihan kah utowo asli ono sesuatu aku yo ra pati dong, tetapi lagi enak-enak makaryo.. ndang ndang alarm muni buanter banget; dadi dewe kudu metu nang tempat berkumpul alias muster point.
 
Lokasi muster point iki ora adoh, alias mung nang parkiran kendaraan wae. Tapi toh.. amergo musim saiki lagi musim puanas (wis dudu panas maneh).. temperature wae 42-47degC dadine yo jan asli perjuangan. Dadi pas aku nang muster point; menit menit awal isih kuat; punjul 15 menit; roso panas kie wis kroso banget, ora mung roso panas tetapi juga werno’ne ser’ngenge marani nang moto tambah cilik kae lo.. amergo saking terang banget ser’ngenge ne.
 
Meski nang kene iki, kelembaban’e rendah (nang ngisor 25%) tetapi tetep wae yen dipepe punjul seko 45 menit yo kringeten juga lan nang ndas yo gawe mumet ora karuan kan. Tenan jebul’e; begitu rampung.. aku mlebu ruangan.. wis mulai pancingen nang gulu’ku.. dadi tanda-tanda meh keno loro maneh.. ciloko padahal lagi wae rodo kepenak esok iki mau, malah wis meh keno maneh
 
Kapan rampung’e iki to Gusti !!
 
 
 
 

Rabu, 10 Juli 2013

Meriang

Kit wingi awakku meriang ora jelas ditambah posing ora karuan nang ndas iki,
Mau bengi wis diwenehi bojo obat paramex karo dikompres.. esuk iki wis kepenak. Awak ora panas lan ora mumet
Lhah.. jam siji-an awan, ndang2 langsung panas maneh.. lemes.. lan rodo senut-senut maneh ndas’ku.. ciloko
 
Aku ra ngerti kenopo ngene, opo amergo kepanasen, utowo amergo panas-dingin-panas-dingin. Kan yen mlaku menjobo panas kui,
Trus melu mobil adem amergo AC, metu seko mobil nang apartemen kan mlaku lan berarti panas meneh, terus mlebu apartemen adem meneh amergo AC’ne murup. Aku ora reti opo mergo kui dadi koyo konslet ngono, tapi asli mumet’e ndas lan meriang’e ora ketulungan tenan. Mumet’e ndas kui koyo diantem godho kae lo ndas’e; terus meriang’e awak kie koyo nang njeron kulkas
 
Lha padahal musim panas nganti 47deg C ngene kok aku isih ngurupke heater.. amergo meriang, rak yo ciloko to
 

Poso

Dino iki dino sepisan poso nang kene, terus terang iki kali pertama nggo aku lan keluargaku ngalami poso nang kene.. poso sing tenanan poso..
Beberapa tingkah laku sing perlu mbok reteni ..
 
  1. Sedino sak durung’e poso… uwong-uwong podo nang supermarket.. mborong panganan, sayuran lan liyo-liyo’ne
  2. Dalanan dadi macet; kabeh podo metu.. mbuh nang supermarket utowo ngopo aku yo ra reti.. sing pasti dalanan macet
  3. Esuk-esuk dino pertama poso, dalanan sepi nyenyet… asli koyo ra ono kesibukan
  4. Took alias warung makan TUTUP, aku tulis capital amergo asli memang ora buka. TUP TUP TUP… blas ora buka
  5. Aktifitas koyo ora mlaku biasa’ne…
 
Kuwi mau beberapa item sing aku delok wektu dino sepisan poso nang kene, sejatine aku dewe yo wedi.. aku lan keluargaku kie rak ora poso amergo bedo agomo pancen, nah sing dadi masalah adalah amergo dewe kie memang ora bioso poso lan kudu urip nang negoro sing asli strict soal poso.. dewe yo keweden yen salah-salah ngombe, ngrokok, utowo mangan lan ora sadar.. iso-iso dikunjoro. Asli dikunjoro memang aturanne yen keconangan wedangan/madhang/ngrokok wektu poso.
 
Lha jaman mbiyen nang negoro ngastino lan Sam; blas ora masalah.. poso lak nggo sing poso. Sing ora poso yo tetep biasa aktifitas’e, lha nak iki asli kowe ora poso yo kudu melu aturan sing podo poso. Yo aku reti memang negoro kie memang bedo-bedo, aku mung rodo kaget ae, yo maklum lah iki sepisan iki aku nang negoro ngene kie… dadi isih rodo kaget-kagetan.
 

Selasa, 09 Juli 2013

wektu ora jelas

Dino iki serba aneh, wingi ono surat edaran seko kumpeni yen selama poso mulai kerjo jam 0900 nganti jam 1500, tapi aneh’e pie jal.. ora nyebutke mulai kapan ??
Lha kan aneh, amergo koyo ra pasti, apakah mulai dino iki utowo dino sesok; akibat’e aku kudu njaluk sopir nggo siap-siap yen sesok dijemput koyo biasane nganti ono kepastian kapan poso
 
Aku reti yen poso kie ditentukan seko pengamatan Hilal; secara pasti aku ra reti, tetapi sebaiknya kui bahwa ono aturan baku seko kumpeni sing stated kapan mulai diberlakukan jam kerja poso; la yen ora ngono akhir’e koyo mau; jam wancine kabeh do kerjo mlebu kantor.. malah parkiran isih sepi nyenyet… lha iki njur kepie jal…
 
 
Aku wis ora reti maneh, njaluk’e iki kepie maneh..
 

Minggu, 07 Juli 2013

Pia pie..

Dadi ngerti rasane yen anak nduwe alergi mangan karo ngombe, rasane mesakke banget karo anak
Aku ora nyongko koyo ngene iki kedaden mbik keluargaku, susu ora oleh, opo-opo kudu organic lan okeh banget pantanganne
 
Dino iki, lagi ae aku etuk tilpun seko bojoku. Dewekno bar seko dokter khusus nggo nutrisi bocah. Bojoku cerito yen
Anakku kudu mangan-manganan sing organic, seko beras, sayuran, tepung, endok, lan kabeh’e musti organic
Pas aku krungu ngono; rasane ati iki mesakke tenan karo anak-ku.. dewekno kie opo-opo wis ora oleh; kudune iso mangan cokelat, permen, lan liyanne
Tapi amergo kondisine; dewekno ora oleh mangan iki lan iku, madu wae ora oleh.. sing padahal madu kie apik nggo antibody
 
Aku ora reti karep’e Gusti; wis posisi nang kene.. adoh seko sopo-sopo, ora ono kelengkapan sing memadahi… malah kabeh buyar ora karu-karuan
Iki bakalan luwih kepenak yen kabeh nang Ngastino, amergo ono sedulur lan keluarga sing iso ngewang-ngewangi tinimbang koyo ngene iki
Meh minggat yo durung ono penclok’an.. meh ngobati yo susah’e setengah mati amergo opo-opo nggo naksi, lokasi’ne adoh-adoh
 
Aku asli rasa’ne kie mung pingin nangis, mangkel, lan pingin banget mbengok.. tapi kepiye maneh.. posisiku digawe terjepit ngene, diwage ora iso obah
Digawe asli ora nduwe kebebasan koyo mbiyen, cobo aku nang Ngastino.. mungkin memang panen’e ora seokeh nang kene, tapi…
Cedhak sedulur, cedhak keluarga.. iso diewangi.. terutama nggo anak’ku..
Aku ra ngerti rencana’ne Gusti iki ke-pie.. ora tau dewenehi solusi. Aku eling.. Gusti nate ngomong (lewat film)
“Aku wenehi perlengkapan kanggo koe gen koe iso menyelesaikan masalahmu”.. lhah opo perlengkapanne? Aku kirim riwayat uwis, tapi durung dijawab-jawab
Trus kon pie.. waton metu ngono??? Kui podo wae ora nyelesaikan masalah.. malah nambah
 
Padahal yen iki diterus-terusno.. wektu’ne tambah nyrepek, tambah sithik.. lan berarti kabeh sing keno anak’ku juga.. trus meh kepieee ???
 
Dadi kepie-pie kie okeh banget.. iki sing aku delok;
 
  1. Bertahan nang sawah kene, trus berarti ora mung anak’ku tapi keluargaku kabeh keno dampak :
  1. SIM
  2. Sekolah, makaryo anggo naksi
  3. Ora ono sekolah khusus
  4. Obat terbatas
  5. Dokter terbatas
  6. Panganan khusus terbatas lan adoooh
  1. Minggat seko sawah, terus :
  1. Rung opo cantolan…
  2. Nggo biaya anak sopo..
  3. Nggo omah kepie…
 
Iki mau okeh buntung’e tinimbang untung’e… pilihan sing ono yo etok cantolan nang sawah liyo; mulih kandang.. bar !! arep kepie maneh..???
 
 

Sabtu, 06 Juli 2013

weekend ora ono sing menarik

dino dino rasane koyo ora semangat amergo ora ono kejelasan, durung ono 'cahaya putih' sing iso digawe nggo kekarepan.
sawah2 wis tak tawar tapi ora ono sing njawab; lak yo asu! ning nggon liyo; sawah tonggo malah lagi etuk traktor anyar!!! iyo traktor anyar.
aku sakjanne ora masalah dewekno etuk traktor anyar, mung aku dewe durung nemokne roso nggo macul; rasane ndak mlebu sawah kie mung muangkel ora ketulungan. tonggo2 sawah koyo asu, perlengkapan macul wae koyo ra mutu, perlengkapan jaman ndisik isih dinggo.
gusti, aku ora ngerti tenan karepmu opo? aku ra reti njalukmu iki sakjanne meh ngepiekke awakku? aku rasane pingin nesu terus; rasane lungkrah ora semangat............/

Kamis, 04 Juli 2013

KEMIS REMUK

Dino iki dino Kemis, aku mau esuk tangi’ne kawanenen.. jam 06.45 lan padahal mlebu kantor’e jam 07.00; yo dadi kelabakan. Banjur tangi turu langsung aku nggugah bojo yen wis kawanen, trus lanjut langsung aku njupuk anduk lan mlebu kamar mandi nggo adus.
Neng kamar mandi, bar aku ngurup’ke keran, lagi sadar yen banyu’ne ora ngalir deres koyo biasa’ne, banyu’ne sing biasa’ne puanas (amergo musim panas), dadi ora pati puanas. Sak bar’e rampung adus, aku njur ganti pakaian lan bojoke ngomong, yen listrik apartemen lan lift yo mati.. pikirku haaahh iki ono opo jee.
Aku kie tinggal nang apartemen lantai 9; dadi wektu meh mangkat kerjo dino iki mau, aku kudu medun seko lantai 9. Dadi sikil yo lempoh tenan, opo maneh yen nduwe bocah cilik koyo aku opo bar blonjo urusan dapur. Yen meh munggah nggowo blonjonan lan gowo anak seko lantai dasar nang lantai 9.. wah iso berotot tenan ho?
Akhir’e yow is , aku medun lewat tangga seko lantai 9.. bar kuwi menyang kantor nganggo taksi langananku lan ojo kaget, terang wae aku tekan kantor telat amergo tangi’ku sing kawanen. Tekan kantor?? Koyo biasa’ne koyo ora ono seni’ne.. ora ono sing rodo “NGEEH” ngono lo, kabeh kie ketok’e kok nyantai buanget, tenang banget lan asli gawe uwong dadi muales.
Tekak kantor, yailah bingung meh arep ngopo jal, amergo kantor kie sepi.. yen metu mung sing didelok malah uwong podo ngobrol.. marai tambah demotivasi
 
 
 
 
 

Selasa, 02 Juli 2013

Kurang Ajar

Aku nggak ngerti gih, nganti saiki ora ono sing nyeluk2.. yo ono tetapi isih nang lingkungan kene.. padahal kan aku pingin ndang metu seko lingkungan kene
Ono kejadian sing nggawe aku kudu gelis metu,
Wingi bengi aku karo keluarga menyang dokter bocah nang RS kumpeni, aku ketemu karo dokter nggo konsultasi lan kabeh-kabeh’e
Lan nang akhir pembicaraan, si dokter ngomong yen mendingan aku metu golek tempat liyo seko negoro kene…
 
Jeger.. ati iki rasane keloro-loro, aku yo reti yen aku kudhu gik ndang metu seko kene, tetapi arep nang ndi..
Wong nglamar wae durung ono jawaban kok.. meh metu bludus sak penak’e.. terang wae iku gawe perdebatan sengit nang batin atiku
Pilihanne koyo tarik menarik antara :
 
  1. Waton metu wae, ben bocah iso luwih apik – resikone aku ora mbut gawe
  2. Nunggu ono pidak’an, padahal nganti saprene kie durung ono panggilan bababr blas seko njobo negoro iki – resikone bocah tambah ora kopen
 
Aku asli ora reti karepe Gusti njur kepie, sing pasti kudhu sabar jare wong-wong…. Nganti kapan ora reti, mbuh aku dewe mumet yen wis bali lan nang kantor, ati rasane ora kepenak