wektu aku lagi ndeleng sawah, bb ku muni lan tak woco ono kabar opo nang kantor; jebulno ono wong kantor resign maneh alias minggat
dadi sasi maret iki ono wong loro sing wis minggat seko kumpeni; iki wis ono sing salah kok. rasah kakean cangkem wong nduwuran; rasah susah2 mangkas uwong, lha dineng'no wae wis podo minggat dewe2 kok..
amergo nopo kok do minggat? amergo uwong wis ora di-uwong'ke meneh, wis ora bener meneh; strategi'ne wis salah, yen arep mbenerno wis susah kui
ora mung kui tok; terus dino iki ono email maneh; konco kantor nang jakarta resign juga setelah 9 taun karo kumpeni; dadi status'e wis nggegirisi kumpeni iki, wis goyang. aku wae wis ora iso prediksi 3-5 taun mengarep opo kumpeni iki iso sustain lan survive cobo..
yen ndelokno proyeksi mengarep sajak'e kumpeni iki wis ora nduwe masa depan, ora se aggressive jaman mbiyen; dudu aku ora cobo loyal.. bayangke aku iki meh 5 taun nang kene iki, opo kurang loyal, yen kumpeni wis mulai ora loyal karo pegawe pie njur pegawe iso loyal ??
wis saiki kudhu tegas sikap'e, mugi2 Gusti paringi dalan cepet nggo minggat seko kene. Amin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar