Wah wis seminggu ditinggal Bojo ro Anakku loro dadi kangen tenan, mending nak ditinggal cedhak... iki ditinggal adoh banget, seko Samarindo karo Amrik cobo... aku dewean nang Amrik, bojo anakku nang Samarindo (baca: samarinda).
Lha pie meneh, kadung wis nang kono, kadang ndeleng foto anak'ku dadi kangen banget, amergo isih lucu-lucu'ne. Kadang isih eling aku jaman nang Amrik mbik nak'ku.. seneng'e mung nggodo aku yen aku mulih seko makaryo.. njaluk gendhong lah, ngajak dolanan bal lah, ngajak nonton TV, ngajak dolanan... padahal aku tekak ngomah isih kudu kerjo meneh
Tapi bakno kie... ditinggal anak kie rasa'ne omah iki dadi sepi nyenyet tenan, biasa'ne ono bocah rame.. bengok-bengok (maklum anak loro), mlayu rono-rene, nangis, dsb... terus bojo masak, kabeh suasanane dadi regeng, ora sepi koyo ngene iki, lha nak iki soal'le pancen sepi tenan saiki... mangan-mangan dewe, menyang kantor dewe, tekan ngomah sepi, ora ono sing diajak dolanan opo nggresulo urusan kantor, kantor dewe koyo asu kabeh, wissss.... kahanan'ne jan aneh tenan saiki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar