Sabtu, 24 Maret 2012

Macul meneh, eling Anak

dino iki macul maneh, 2 traktor; siji anyar - limpahan seko uwong sing minggat lan siji traktor suwe.

sing anyar lagi separo dalan lan sing suwe lagi mlengkung; aku ki sak'janne isih aras-arasen macul iki; namung amergo durung ono 'jawaban' dadi yo kudu 'dilakoni', yen ditakoni kepie rasane? yo ra betah lah, lha pikiran lagi ora fokus yen jare wong politik

lagi ae tilpunan karo bojo, dewekno cerito yen anakku nomer 1 seneng'e nuduh'ke fotoku terus karo ngomong "papah.. papah..", roso atiku sasat koyo loro banget, amergo roso kangenku karo anak-anak'ku

yen ngrungokno ceritane bojoku kui rasane keloro-loro, amergo aku seneng banget yen gojek karo anak-anak'ku; terutama yen ngancani do adus nang bathub. seneng'e do dolanan banyu karo iwak-iwak'an. pokokmen nyenengke lah yen iso ngancani dolanan karo adus, bar kui biasane terus do njaluk dot, senjata andalan anak'ku :) yen kepiling marang kui; rasane tambah kangen !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar