Wis capek aku menghadapi iki kabeh, uwis lan uwis !
aku ra butuh duit okeh lan aku ra butuh omah gedhe..
aku butuh wektu kanggo keluarga sing okeh lan aku butuh karo keluarga besar-ku..
saiki ngoo ngopo yen opo wae ono, tetapi dewe ora iso nikmati wektu ? kan urip ning ndonyo iki pie awak'e dewe iso nikmati wektu sing mung 'mampir ngombe' thok ?
duit lan omah iso digolek'i, tetapi wektu ? ora nono sing dodol, wektu ora iso dituku opo dibalek'no meneh
kabeh kui mung ono siji kesempatan, arep dijupuk opo ora pilihan'ne
makin gedhe duit lan kenikmatan sing etuk, makin stress pikiran'ne, makin dewe ra nduwe wektu nikmati nggo keluarga
ndeleng anak gedhe, nunggu'in anak mulih sekolah, njemput, ngobrol lan dolanan mbikanak... kui mau penting banget nggo urip
amergo dewe ra bakal reti utowo sadar, bakno anak'e dewe wis gedhe.. wis SMP, SMA trus kuliah lan kerjo.. terus kawin lan melu keluarga'ne..
saat bocah lagi sinau ngomong, mlaku, ngguyu.. iku pengalaman sing paling bahagia kanggo wong tuo, nyawang anak tumbuh besar
sekali dewe lali marang iki mau, awak'e dewe ora bakal iso ngulang maneh memburi..
kabeh mau soal 'kepuasan'.. nak kepuasan jasmani = duit, kepuasan rohani = keluarga
pilihan nang tangan sampeyan sedherek-sedherek.., sumonggo !!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar