iki dino prei, tapi aku koyo ora prei; mung terus terusan le ke macul, sasat ra ono istirahat'te babar blas. ngene kui jan tenan ngrusak awak kok. lha kepie, mangan dadi aras-arasen, arep lungo dilit, keweden yen ora iso ndeleng sumur, arep ngobrol-bojo anak nang indonesia, arep menyang rodo adoh sithik - ora nduwe SIM. dadine kabeh serba mandeg lan mbingung
aku mung iso nulis nabg blog iki amergo iki salah satu'ne alat sing aku iso ngetok'no uneg2 iki. pilihanne serba ra jelas saiki, dino utowo sasi ngarep ae aku asli ra reti kudhu kepie amergo kabeh mau isih burem; sli asli isih burem
aaaahhh kadang kie mung mbayang'ke nang indonesia dino iki lan jam yah mene; lungo sak keluarga karo pembantu/baby sitter menyang puncak utowo mung muter2 utowo mangan sate PSK. rasa'ne manteb lan ati kui tenterem amergo meh nggolek opo maneh ??
urip kui kudhu urup, hidup itu perlu bermakna. urip ki lak mung sedilit, mampir ngombe sasat'te; dadi kudhu iso dinikmati!
iki conto'ne : kowe nduwe duit 5000 lan pingin nikmati duit kui, nah pendak uwong iso metu jawaban macem2, ono sing ora iso nikmati duit 5000 amergo ra cukup, ono sing iso. lha sing iso iki sak tenane. wis mlebu taraf urip nggo urup. duit 5000 yen pingin jajan nang mall yo ra cukup, tapi nang angkringan yo cukup. terus, nang angkringan iso nikmati dalan, semiliring angin, ngobrol karo wong sing ora mbok kenal, iso lungguh sak penakmu (silo, njegang), iso njaluk tambah dijoki wedabg putih meneh yen kurang - lan gratis meneh.
nah kui mau sak jatine, dewe ki nduwe pilihan; arep coro sing endi sing arep dilakoni; yen nang negoro kapitalia iki; opo opo ukuran'ne duit bos.., yen negoro ngastino, kui bedo; ukuranne dudu duit, mung okeh le ra nyadar. podo seneng'e ngelek-elek negoro dewe, tapi yo ora pindah warga negara-lha yo berarti atine seneng lan tresno marang negoro ngastino to? despite negoro ngastino kui amburadul tetapi tetep ngangeni to ?? amburadul nang kene istilah sing kerep dinggo wong indonesia nang njobo kono, 'wah macet, ra teratur, polusi, pebdidikan elek, dsb', tapi kan pendak negoro ki yo ono cacat'te.
aku ra coba mbelo utowo mbantah, tapi pie tugas'se dewe iki sing ngrantau nang njobo, iso tumut mbangun raharjraning negri, ngenalno kabudayan indonesia, bedo ne indonesia mbik negoro liyo; ora njur ngelek2; ha kui jeneng'e ngrusak kok
sing pasti aku pingin bali meneh nang indonesia
Tidak ada komentar:
Posting Komentar