Rabu, 21 Maret 2012

dipindah parkiran

iki dino mau ndase teko nang ruanganku, tak pikir meh ngomong opo soal minggat'te koncoku. aku isih mung meneng pingin ngrungokno dewekno amergo yen langsung ditlikung ndak nesu

bareng tak rungokno ceritane, intine aku meh dipindahke parkiran tapi lahan'ne isih tetep; jar.. aku kie pinginne pindah lahan ora mung pindah parkiran tur podo ae lahan'ne, la yen ngene kui yo ora ono perubahanne

aku kie nganti mung pingin mletas, pingin mbengok tapi amergo pangkat ae aku kudhu iso rodo ngerem meski sakjatine ati iki wis ora kuat-kuato ngrungok'no pikiranne; isine mung mbrontak ae.

jawaban 2 seko lahan liyo saiki rodo surut, ono tapi nggo lahan sing aku wegah.. dadi pembantu kumpeni, padahal pinginku yo tetep nang kumpeni, pie iso kerjo sing luwih wajar, marai krasan lan seneng nang ati. lha iki asli mangan ati !!

okeh banget sing ora bener lan pener nang kene iki, kabeh rumongso bener kabeh rumongso pinter lan mung gawe bingung. asal iso mangap lan banter suarane, kui wis paling hebat nang kene, yen perlu disembah-sembah.

awak iki wis ra kuat Gusti, yen memang ono mukjizat tulong bukakno dalan nggo aku, aku pingin maju lan berkembang lan ora malah nyelot goblok lan mundur amergo aku isih enom; isih kudu mbukak wawasan lan pengalaman, ngene kui jan ora iso ditompo maneh. ora ono sing iso dijaluki tulong lan ora ono sing iso dinggo cekelan

aku ora ngerti asli sesok kepiye yen terus koyo ngene kui, mung gawe ra kepenak.. pilihanne mung waras tur rodo edan opo edan, metu sak'keno ne utowo waton metu ? aku pingin etuk jawaban seko Gusti Pangeran yen aku iso pindah parkiran lan lahan, ben iso nduwe wektu okeh nggo keluarga lan iso berkembang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar