Sabtu, 31 Maret 2012

konco kantor minggat maneh !!

aku meh nerusno blogku sing wingi sempet ora tak terusno amergo awak lungkrah

wektu aku lagi ndeleng sawah, bb ku muni lan tak woco ono kabar opo nang kantor; jebulno ono wong kantor resign maneh alias minggat

dadi sasi maret iki ono wong loro sing wis minggat seko kumpeni; iki wis ono sing salah kok. rasah kakean cangkem wong nduwuran; rasah susah2 mangkas uwong, lha dineng'no wae wis podo minggat dewe2 kok..

amergo nopo kok do minggat? amergo uwong wis ora di-uwong'ke meneh, wis ora bener meneh; strategi'ne wis salah, yen arep mbenerno wis susah kui

ora mung kui tok; terus dino iki ono email maneh; konco kantor nang jakarta resign juga setelah 9 taun karo kumpeni; dadi status'e wis nggegirisi kumpeni iki, wis goyang. aku wae wis ora iso prediksi 3-5 taun mengarep opo kumpeni iki iso sustain lan survive cobo..

yen ndelokno proyeksi mengarep sajak'e kumpeni iki wis ora nduwe masa depan, ora se aggressive jaman mbiyen; dudu aku ora cobo loyal.. bayangke aku iki meh 5 taun nang kene iki, opo kurang loyal, yen kumpeni wis mulai ora loyal karo pegawe pie njur pegawe iso loyal ??

wis saiki kudhu tegas sikap'e, mugi2 Gusti paringi dalan cepet nggo minggat seko kene. Amin

Jumat, 30 Maret 2012

bali seko sawah

aku lagi wae mulih seko sawah, ndeleng traktor lan ngobrol karo uwong2 kono, cuacane adem temenanan nang kono kui, asli ngrokok ae dadi ora doyan

iki lagi wae mulih terus langsung mangan sate, yo rasane sih bioso, sate kok asin

awakku isih lungkrah, rasane ngantuk dadi rung iso cerito okeh karo kadang kinasih; tapi sesok tak ceritakno konco kantor sing resign meneh, dadi ono wong resign maneh.. ckckck.. remuk lah

Senin, 26 Maret 2012

ngisi pajek sing ra jelas jluntrung'e

iki dino aku nang omahe koncoku nggo ngajari aku ngisi pajek, pajek form sing musti diisi okeh'e sak bajek, nganti wegah ngartekno, amergo boso inggris ! sing boso indonesia wae wegah moco, jo meneh boso inggris

suwe banget, sak jaman punjul; yen ra ono konco sing ngandani embuh kok aku iso ora!

sesok jam 5 esuk dijemput taksi nggo menyang nang bandara lan terbang nang sawah, ndeleng tanduran lan traktor. koyo sing wis tak ceritakno, asline ki aku males banget menyang kono.. adoh

wis tak turu sik, ngantuk sedino macul !

ndasku rasane meh pecah

ndasku dino iki rasane meh pecah pecaho, pikiranku pating muter2 ora karuan; durung laporan pajak, durung nduwe sim, durung cepak2 nggo nang sawah sesok esuk, durung reti sumurku kudhu kepie iki, durung reti kabeh.. pancen ndoroku saiki rodo kemaki lan ora waras, kon setaun minimal ping papat ndeleng sawah; padahal yen lg mbajak sawah ngene kui konsentrasi kudhu penuh; ora sak wayah2 terus lungo utowo minggat sak penak'e dewe; lha yen ngene ki wis kebangetan tenan kok

aku sasat'te koyo mung ora jelas njur sesok kui dadi koyo pie lan masa depan'ne pie kok

aku yen ngeling2 jaman iki rasane wis ora kuat meneh, iki asli kudhu di stop, mbuh kapan tapi kudhu sak cepet'te, amergo yen ora bakal edan aku

aku saiki okeh meneng'e, okeh nglamun, okeh ngomong dewe lan mikir le muter2 rak jelas sing dipikir. sak ayah-ayah yen ora gek ndang Gusti nulungi aku, aku iso2 depresi berat

kekancan ora ono sing cedhak, anak bojo lg nang indonesia, bedo 12 jam yen meh ngobrol, durung nang kene dewean kudhu masak sego, lawuh mung supermie.... asli Gusti, kulo sasat mboten kiat malih

kabeh iki ora nggawe kepenak urip malah sasat tambah susah, ora ono sing nulungi awak'ku, kabeh seneng2 dewe, ora iso ngrasak'ke susah'e atiku, pikiranku lan awak'ku !!!

Minggu, 25 Maret 2012

ora ono leren'ne

2 traktor lg macul, le siji lahan ne tipis banget, 27 ft lang sing siji lagi meh mendarat; yen sing meh mendarat kui aku wis kenal apik karo wong-wong'e; lha nak sing siji'ne durung kenal blas lan malah mung ditemploki sak'penak'e karo juragan

iki dino prei, tapi aku koyo ora prei; mung terus terusan le ke macul, sasat ra ono istirahat'te babar blas. ngene kui jan tenan ngrusak awak kok. lha kepie, mangan dadi aras-arasen, arep lungo dilit, keweden yen ora iso ndeleng sumur, arep ngobrol-bojo anak nang indonesia, arep menyang rodo adoh sithik - ora nduwe SIM. dadine kabeh serba mandeg lan mbingung

aku mung iso nulis nabg blog iki amergo iki salah satu'ne alat sing aku iso ngetok'no uneg2 iki. pilihanne serba ra jelas saiki, dino utowo sasi ngarep ae aku asli ra reti kudhu kepie amergo kabeh mau isih burem; sli asli isih burem

aaaahhh kadang kie mung mbayang'ke nang indonesia dino iki lan jam yah mene; lungo sak keluarga karo pembantu/baby sitter menyang puncak utowo mung muter2 utowo mangan sate PSK. rasa'ne manteb lan ati kui tenterem amergo meh nggolek opo maneh ??

urip kui kudhu urup, hidup itu perlu bermakna. urip ki lak mung sedilit, mampir ngombe sasat'te; dadi kudhu iso dinikmati!

iki conto'ne : kowe nduwe duit 5000 lan pingin nikmati duit kui, nah pendak uwong iso metu jawaban macem2, ono sing ora iso nikmati duit 5000 amergo ra cukup, ono sing iso. lha sing iso iki sak tenane. wis mlebu taraf urip nggo urup. duit 5000 yen pingin jajan nang mall yo ra cukup, tapi nang angkringan yo cukup. terus, nang angkringan iso nikmati dalan, semiliring angin, ngobrol karo wong sing ora mbok kenal, iso lungguh sak penakmu (silo, njegang), iso njaluk tambah dijoki wedabg putih meneh yen kurang - lan gratis meneh.

nah kui mau sak jatine, dewe ki nduwe pilihan; arep coro sing endi sing arep dilakoni; yen nang negoro kapitalia iki; opo opo ukuran'ne duit bos.., yen negoro ngastino, kui bedo; ukuranne dudu duit, mung okeh le ra nyadar. podo seneng'e ngelek-elek negoro dewe, tapi yo ora pindah warga negara-lha yo berarti atine seneng lan tresno marang negoro ngastino to? despite negoro ngastino kui amburadul tetapi tetep ngangeni to ?? amburadul nang kene istilah sing kerep dinggo wong indonesia nang njobo kono, 'wah macet, ra teratur, polusi, pebdidikan elek, dsb', tapi kan pendak negoro ki yo ono cacat'te.

aku ra coba mbelo utowo mbantah, tapi pie tugas'se dewe iki sing ngrantau nang njobo, iso tumut mbangun raharjraning negri, ngenalno kabudayan indonesia, bedo ne indonesia mbik negoro liyo; ora njur ngelek2; ha kui jeneng'e ngrusak kok

sing pasti aku pingin bali meneh nang indonesia

Sabtu, 24 Maret 2012

Macul meneh, eling Anak

dino iki macul maneh, 2 traktor; siji anyar - limpahan seko uwong sing minggat lan siji traktor suwe.

sing anyar lagi separo dalan lan sing suwe lagi mlengkung; aku ki sak'janne isih aras-arasen macul iki; namung amergo durung ono 'jawaban' dadi yo kudu 'dilakoni', yen ditakoni kepie rasane? yo ra betah lah, lha pikiran lagi ora fokus yen jare wong politik

lagi ae tilpunan karo bojo, dewekno cerito yen anakku nomer 1 seneng'e nuduh'ke fotoku terus karo ngomong "papah.. papah..", roso atiku sasat koyo loro banget, amergo roso kangenku karo anak-anak'ku

yen ngrungokno ceritane bojoku kui rasane keloro-loro, amergo aku seneng banget yen gojek karo anak-anak'ku; terutama yen ngancani do adus nang bathub. seneng'e do dolanan banyu karo iwak-iwak'an. pokokmen nyenengke lah yen iso ngancani dolanan karo adus, bar kui biasane terus do njaluk dot, senjata andalan anak'ku :) yen kepiling marang kui; rasane tambah kangen !

Capek Sudah !!

Wis capek aku menghadapi iki kabeh, uwis lan uwis !
aku ra butuh duit okeh lan aku ra butuh omah gedhe..
aku butuh wektu kanggo keluarga sing okeh lan aku butuh karo keluarga besar-ku..
 
saiki ngoo ngopo yen opo wae ono, tetapi dewe ora iso nikmati wektu ? kan urip ning ndonyo iki pie awak'e dewe iso nikmati wektu sing mung 'mampir ngombe' thok ?
 
duit lan omah iso digolek'i, tetapi wektu ? ora nono sing dodol, wektu ora iso dituku opo dibalek'no meneh
kabeh kui mung ono siji kesempatan, arep dijupuk opo ora pilihan'ne
 
makin gedhe duit lan kenikmatan sing etuk, makin stress pikiran'ne, makin dewe ra nduwe wektu nikmati nggo keluarga
ndeleng anak gedhe, nunggu'in anak mulih sekolah, njemput, ngobrol lan dolanan mbikanak... kui mau penting banget nggo urip
amergo dewe ra bakal reti utowo sadar, bakno anak'e dewe wis gedhe.. wis SMP, SMA trus kuliah lan kerjo.. terus kawin lan melu keluarga'ne..
saat bocah lagi sinau ngomong, mlaku, ngguyu.. iku pengalaman sing paling bahagia kanggo wong tuo, nyawang anak tumbuh besar
 
sekali dewe lali marang iki mau, awak'e dewe ora bakal iso ngulang maneh memburi..
kabeh mau soal 'kepuasan'.. nak kepuasan jasmani = duit, kepuasan rohani = keluarga
pilihan nang tangan sampeyan sedherek-sedherek.., sumonggo !!!

Kamis, 22 Maret 2012

Lha Wong Kudune Isih Aktif Kok WIS DIKON MINGGAT !!

Aku ra reti yo, koncoku kudune isih dinas aktif sampe minggu ngarep
dino jemuwah, tapi iki sore mau dewekno teko nang ruanganku lan wenehi
reti yen dewekno wis di-olehno ninggalno mulai senen sesok - dikon
ndoro... asu tenan !

sak'jati ne kan dewekno isih legal nggo nang kantor nganti tugas'se
rampung lan transisi mulus, lha iki durung eplek-eplek wis dikon
minggat, aku dadi kelabakan.. kepiye jal yen ngene iki, sesok kudu
nekani nduwuran-ku nggo mastik'ke kepiye to prosedur're nang kene ini.
lha kabeh kok jal terus sak penak udel'le lan enak ae ngakon koyo
ngono tanpa ndeleng sing arep ditinggal iki njur kepie

lha nak ngene wis ora bener meneh kok, ora lempeng kok dalan'ne..
carane wis ora bener temenanan.. aku wegah makaryo carane ngene iki !

Rabu, 21 Maret 2012

Gusti Sampun Sare ?????

nopo Gusti sampun sare sakmeniko ? kulo mboten saget ngrasakno Gusti sakmeniko, wonten pundi sakmeniko ?

piyambak'ipun kedhah nyenyuwun lan mboten dipun jawab, wonten pundi panjenengan Gusti ?

dipindah parkiran

iki dino mau ndase teko nang ruanganku, tak pikir meh ngomong opo soal minggat'te koncoku. aku isih mung meneng pingin ngrungokno dewekno amergo yen langsung ditlikung ndak nesu

bareng tak rungokno ceritane, intine aku meh dipindahke parkiran tapi lahan'ne isih tetep; jar.. aku kie pinginne pindah lahan ora mung pindah parkiran tur podo ae lahan'ne, la yen ngene kui yo ora ono perubahanne

aku kie nganti mung pingin mletas, pingin mbengok tapi amergo pangkat ae aku kudhu iso rodo ngerem meski sakjatine ati iki wis ora kuat-kuato ngrungok'no pikiranne; isine mung mbrontak ae.

jawaban 2 seko lahan liyo saiki rodo surut, ono tapi nggo lahan sing aku wegah.. dadi pembantu kumpeni, padahal pinginku yo tetep nang kumpeni, pie iso kerjo sing luwih wajar, marai krasan lan seneng nang ati. lha iki asli mangan ati !!

okeh banget sing ora bener lan pener nang kene iki, kabeh rumongso bener kabeh rumongso pinter lan mung gawe bingung. asal iso mangap lan banter suarane, kui wis paling hebat nang kene, yen perlu disembah-sembah.

awak iki wis ra kuat Gusti, yen memang ono mukjizat tulong bukakno dalan nggo aku, aku pingin maju lan berkembang lan ora malah nyelot goblok lan mundur amergo aku isih enom; isih kudu mbukak wawasan lan pengalaman, ngene kui jan ora iso ditompo maneh. ora ono sing iso dijaluki tulong lan ora ono sing iso dinggo cekelan

aku ora ngerti asli sesok kepiye yen terus koyo ngene kui, mung gawe ra kepenak.. pilihanne mung waras tur rodo edan opo edan, metu sak'keno ne utowo waton metu ? aku pingin etuk jawaban seko Gusti Pangeran yen aku iso pindah parkiran lan lahan, ben iso nduwe wektu okeh nggo keluarga lan iso berkembang

Selasa, 20 Maret 2012

Ora Adil Temenanan !!

Dino iki asli mangkel  tenan, asu maneh..
kepriye jal, bakno konco liyan'ne etuk pesangon' gedhe, opo aku kon tetep nang 'kene' ? sakjan'ne sih ora masalah duit, mung perlakuan sing ora 'mantesi' lan ora wajar. Gawean podho, mosok etuk'e bedho, yo nak melu utaran jowo 'wong sabar gedhe wekasan'ne', mungkin tumindak iku mau memang aku kudu sing jembar ati'ne. Aku isih tetep ndongo marang gusti yen aku iso gek ndang minggat wae. kesuen nang kene ora nyelot kepenak malah nyelot mangan ati lan ora ono sing iso dinggo cekelan.
 
kantor pating semrawut, okeh banget sing ora jelas, uwong-uwong podho minggat dewe-dewe, anak-bojo nang kampung, wis kabeh iki mau dadi paket ekonomis (pak Eko) sing mak'bruukkk nang ndasku. Gusti, paringono jawaban marang aku iki, mosok po iyo aku kudhu ngelakoni lelakon koyo ngene iki; urip luwih kepenak nang Jakarta. iso cedhak karo keluarga, opo-opo gampang lan murah, ora ono kepikiran sing macem-macem.
 
lungkrah awak-ku ngelakoni urip koyo ngene

Senin, 19 Maret 2012

Asu, wong Kantor ono sing Metu Meneh !!

Sedino iki kok asu'ne okeh banget to


ono konco kantor lagi ae resign/minggat/mbladas/metu dino iki, wenehi 2 weeks notice menyang bos
Semprul..!! Asu tenan…
dewekno wis etuk tempat liyo, kurang ajar tenan.
Bajingan tenan iki kok nganti iso metu kui lo, lak yo berarti wis ora mutu to sistem'e ??

Omongan Saru nang Meeting !!

Asu tenan kok wong kene kie, mosok wis rampung meeting gik ae… malah akhir kata penutupan meeting ngomong.. "blow job !!" aaasssuuu…. edan tenan..!!


Tapi opo sak'jan'ne ngomong "good job!" ?? Aku ra reti, mung sak krungu-krungu-ku malah ngomong saru


Jan ora toto tenan wong kene iki, mbuh le ngajari sopo.. Jan kere tenan !

Dino Senen sing Gawe Mangkel

Woalah ange'le wis ngirimyo rak ono terusan'ne, mungkin pancen gampang-gampang angel golek'e.. Padahal awak iki wis ora betah temenan


Wis pingin etuk pijetan anyar meneh, amergo lungkrah terus.. Jan awak kie koyo diantemi jee, mending nak pijetan'ne kepenak.. Pijetanne gawe remek wae


Anggo agen kie yo gampang-gampang angel, susah'e minta ampun.. uangel tenan, asu tenan.. ora jelas. Nduwuran yo ora nyelot pinter, tapi malah nyelot goblok cobo dadi sok-sok'an yen ngomong ngalor ngidul ora jelas, ra nduwe empati juga.. Pantesan ae wong dewek'no rung nduwe bojo lan anak, umur're padahal wis tuo.

Kangen karo Bojo lan Anakku

Wah wis seminggu ditinggal Bojo ro Anakku loro dadi kangen tenan, mending nak ditinggal cedhak... iki ditinggal adoh banget, seko Samarindo karo Amrik cobo... aku dewean nang Amrik, bojo anakku nang Samarindo (baca: samarinda).
Lha pie meneh, kadung wis nang kono, kadang ndeleng foto anak'ku dadi kangen banget, amergo isih lucu-lucu'ne. Kadang isih eling aku jaman nang Amrik mbik nak'ku.. seneng'e mung nggodo aku yen aku mulih seko makaryo.. njaluk gendhong lah, ngajak dolanan bal lah, ngajak nonton TV, ngajak dolanan... padahal aku tekak ngomah isih kudu kerjo meneh
 
Tapi bakno kie... ditinggal anak kie rasa'ne omah iki dadi sepi nyenyet tenan, biasa'ne ono bocah rame.. bengok-bengok (maklum anak loro), mlayu rono-rene, nangis, dsb... terus bojo masak, kabeh suasanane dadi regeng, ora sepi koyo ngene iki, lha nak iki soal'le pancen sepi tenan saiki... mangan-mangan dewe, menyang kantor dewe, tekan ngomah sepi, ora ono sing diajak dolanan opo nggresulo urusan kantor, kantor dewe koyo asu kabeh, wissss.... kahanan'ne jan aneh tenan saiki

Orang kok aktif banget sih di milis

Beberapa hari ini ada salah satu orang yang aku bisa sebut sebagai 'kuda hitam', bilamana tidak; ini orang aktif sekali di milis profesional.. tiba-tiba saja orang ini mencuat nggak tau darimana asalnya dan setiap postingan selalu di reply, boro-boro reply-an nya bermutu... asli nggak mutu sama sekali dan nggak layak lah
 
dalam hati kadang bertanya :
 
1. Orang ini apa nggak pernah kerja, padahal hasil seaching ku (karena penasaran), dia ini bekerja.. tapi kok posting terus nggak selesai-selesai
 
2. Terlepas bahwa perkerjaan 'beres', bukan berarti bebas untuk posting; namanya waktu kerja ya untuk kerja, bukan untuk balas email yang sekiranya nggak ada hubungannya dengan kerjaan saat itu; makanya waktu kerja diatur dari jam 8 sampe jam 5 sore, kalau kerja disambi main milis ya mendingan jam kerja ditiadakan saja.. suruh kerja 24 jam
 
3. Mbok ya tau diri, orang jawa bilang... 'wis tuo mbok yo temuwo', kasih contoh lah yang benar, bagaimana membedakan waktu kerja dan nggak, bagaimana membedakan reply email kantor dan reply email milis, ajari orang muda untuk management waktu yang benar, memposisikan yang benar pada tempatnya
 
tapi nak dasar orang sudah "BEBAL", apa mau dikata... nganti umbelen sing ngandani.. yo ono wae alasan'ne, pancen ndeso !!