Kamis, 13 Desember 2012

tuku dual monitor

aku lagi ae tuku 2 monitor ukuran 22" kanggo kerjo karo nggo entertainment, mungkin kurang tepat yen istilah'e entertainment, tapi yen nggo skype, browsing lan liyane rak kui. sing conto nggo kerjo yo maen saham, karo usaha sing mungkin launch desember iki. estimasi sih cedhak ro natalan

sing durung aku tuku ono 2, siji laptop lan sijine perangkat nggo dual monitor, amergo kudu dituku yen ora yo ra iso dinggo soal'le.. mung regane rodo larang kui, kiro2 1.5 jt. aku bingung antara kui opo docking station

kelepas seko kui, aku mikir nggo njupuk S2 online, saiki uwong2 do njupuk kelas S2, lha aku mosok nunggu2 meneh? yen nunggu rodo suwe, bocah2 selak gedhe lan biaya tambah gedhe.. dadine aku mending gek ndang njupuk kelas'e ae saiki kan

aku rung takok pendapat'e mamah lan bojo sih, tapi mending jalan dhisik aelah.. yen wis kebacut meh pie jal dewekno

Tidak ada komentar:

Posting Komentar