Sabtu, 08 Desember 2012

Nebus Doso

Dino wingi aku menyang grejo bareng konco2 seko Philippines, seko jam 2 nganti jam 4 sore... lagi sepisan iki aku menyang grejo Kristen nggo komunitas Philippines nang kene. Aku ditilpun koncoku jam 01.30 yen dewekno meh njemput nang ngarep apartemen, koncoku iki yo wong Philippines loo. Terus dewe mlaku dhisik nang omah'e amergo meh njemput anak-anak'e karo bojone, akhirnya aku iso kenalan karo bojo lan anak'e loro.. lanang-lanang lan wis gedhe, SMA ngono. Koncoku iki wis 6 taun ngrantau nang kene.. dadi anak'e yo wis sekolah nang kene

Seko omah'he, dewe menyang nang gerejo'ne.. tekan kono isih jam 01:45an, lan sing tak pikir gerejo kie bangunan gerejo koyo biasa'ne, tetapi iki ternyata omah sing disewo nggo tempat ibadah ngono. Tempat ibadah'e juga nang basement, dudu nang lantai dasar. Aku takon, opo sing nduwe omah weruh yen omah iki nggo tempat ibadah ? dewekno nge'iyani yen sing nduwe omah kie wis reti

Misa ne berlangsung 2 jam, diisi doa, nyanyian lan kotbah.. yo koyo biasane misa, cuman sing rodo bedo karo misa kebaktian Katholik, iki ora ono komuni. Aku sih wis rodo biasa yo, sejak aku makaryo.. kadang musti nang kebaktian Kristen, bahkan nganti saiki kadang-kadang menyang kebaktian Kristen.. tapi kadang yo nang Katholik. Kotbah'e diisi topik sing menarik, bahwa aku dino kui iso nang kono kie bukan karena 'tidak sengaja'.. tetapi ono sing mendorong ben aku mrono... mmmhhh menarik juga

Sak bar'e misa, ono acara mangan-mangan, nganggo sego :) yaia.. langsung ae aku njupuk, la seko esuk nganti kebaktian blas rung mangan blas, yo ngelih lah. Pas mangan, liyane do mangan ro ngobrol, aku dewe luwih fokus nang mangan.. asli enak lan ngelih campur dadi siji, opo menenh nganggo sego, dadi'ne nang weteng iso langsung whareg.

Bar acara misa lan mangan, ngobrol nganti jam 18.00an, lan isih arep diajak nang kota barang, aku sihi oke-oke ae, amergo isih prei gawean. Nang kota diajak mangan menah lan muter-muter, ngati bali apaertemen jam 22.00an... wis awak kie rasane kesel banget lan langsung nglegeses nganti tangi'ku jam 1200 awan :D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar