wis sesasi punjul aku nang QT iki, asline nang njeron batin atiku isih durung iso nompo yen aku wingi metu sko Sam, punjul seko kui metu seko kumpeni sing asline isih apik banget karo aku.. memang yen tak delok memburi meneh pancen rekoso kok; aku ra mundak lemu, isine kuatir lan dilit2 ndelok BB utowo laptop, pikiran ra jenak lan tenang, turu rak tau jenak, pikiran sumpek lan gampang nesu yen anakku nakal utowo nangis, lan okeh meneh..
yen dipikir untung abot'e yo durung kroso banget saiki amergo pancen lagi 'merindu' Sam. Tapi opo arep dijabani terus urip sing ndak lek kudu tangi, tompo tilpun, mutuske sesuatu tur duit'e yo ra sepiro'o dibanding konco sing iso ngluangke wektu nggo keluarga?
kabeh kui dipikir jero jero, sak lawas'e yen tetep nang kumpeni sue.. yo tetep njogo warung terus; trus opo sing iso dikembangke? opo yao arep ngono nganti tuo lan ora nikmati lucu'ne anak? urip oleh egois, golek duit sing okeh lan sak terus'e, tapi bahagia'ne keluarga yo kudu dipikir to?
aku kie okeh pitakon seko wong okeh banget, knopo metu seko kumpeni suwe, knopo metu seko Sam, knopo iku lan iki.. kabeh do ora reti dalanku sing tak liwati nganti 5 taunan nang kono.. ora ngrasakno susah'e lan liyane
nang QT kan lagi sesasi punjul sithik, aku yakin kok yen wis ono keluarga bakalan luwih kepenak.. saiki wae rodo kepenak, jo meneh yen keluarga wis ngumpul.. tambah rame
aku dewe wis nyiapno aktivitas nggo bojo, tak arep arep sih dewekno iso njalanke usaha iki, aku mengko yo ngewangi tentu'ne. sekolah nggo anak sing saiki isih dadi ganjelan nggo aku kie, amergo aku pinginne anak kie tenang sekolah'e lan seneng..
Gusti mboten sare, aku ngarep ke sekolah nggo anak etuk sing apik lan ora larang, dadi iso nabung lan iso etuk sing paling apik nggo anak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar