aku dino iki ngroso keloro loro, 2 traktor lagi macul sing 1 traktor lagi arep mlebu nang sawah
awakku kesel banget; aku koyo ra nduwe urip; dino dino mung isine loro ati lan kurang turu; opo iki sing jenenge urip mampir ngombe? opo iki sing jenenge urip kui tergantung dewe nikmati gawean ? aku ngroso ora
awak lan pikiranku kesel banget, isine mung jan ngantuk lan kesel; ora pikiran, ati lan awak.. kabeh kesel
anak bojo nang indonesia
ndak dino mlebu kantor, ora setu yo ora minggu
pikiran mikir sawah lan nyiapno data; probabilitas lan kabeh kabeh'e
aku ra iso suwe suwe ngene iki, atiku wis koyo digaris garis, pikiran koyo dicacah cacah, awak koyo mung dikon mlayu terus, aku ra iso nikmati opo kui spring, summer, winter, sasi april, juni utowo desember
aku nganti ora mikir kapan ulang tahun, kapan prei, kapan natal, kapan kudu nang grejo.. aku kangen kui kabeh; ngroso kangen masa masa kui.
batin atiku wis keloro loro; pikiranku wis mbundet, awakku ora nambah lemu, keluarga adoh, kabeh mau mung isine lelah...
gusti, yen aku dikon ngene terus, aku wis ora kuat, ora iso, ora menungso meneh.. wis koyo zombie lan robot/ mesin
isine kerjo kerjo lan kerjo tur ora ono leren'ne meneh.. opo iki sing mbok karep'ke nang aku dikirim nang kene?? dungo ku ra dijawab jawab, kabeh mau mboh nang endi;; kowe nang endi aku yo ra reti.. awakku wis remukd gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar