Sabtu, 07 April 2012

isi ati

sesasi uwis seko aku menyang indonesia,
sesasi uwis aku ngalami urip dewe,
sesasi uwis aku diuji ngurusi omah,
sesasi uwis aku wis ora sabar lan gundah

duit koyo wis ora dipikir maneh,
duit ora iso tuku kesenengan,
duit ora biso gawe ati seneng,
duit ora iso nggo ngganti kesepian

dino sore ngene mung lingguan nang njobo,
dino sore ngene mung ngrokok,
dino sore ngene mung meneng ae,
dino sore ngene blas ora ngobrol langsung

aku sumpek
aku kesel
aku gundah
aku rampung

gusti kowe nang endi
gusti nopo ra njawab
gusti nopo aku mbok koyo ngenek'ke
gusti jawab aku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar