mau bengi aku skype'an karo bojo, terus aku njaluk video call, amergo wis suwe ora ndelok anakku. banjur dewe video call lan anakku no 1 ndelok aku mung ngawaske aku terus, meneng ae.. rasane koyo dewekno ki ngomong 'kangen' tapi kan amergo isih cilik rung reti kosakata kangen.
banjur meneng ae lan ndelengke nang kamera terus; trus bojoku ngajak dewekno berhitung boso inggris, pinter banget.. wis iso ngitung lan nyanyi.
trus ndak kamera dipindah, dewekno ngoyak lan pingin ndelokno aku, wektu nangis lan ndeleng aku terus meneng nangis'e
njur wektu ndeleng fotoku, ngomong 'papah.. papah.. papah..' duuh roso ati iki kelaran laran rasane; isih cilik tapi ngerti bapak'e, ngerti sing didelok lan diajak ngomong..
wektu ndak iso diputer lan aku bersyukur iso tetep ndelok anak anakku tumbuh, aku ra pingin kelangan setiap momen dalam hidup mereka..
gusti....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar