Senin, 30 April 2012
lewat taman memorial
wektu nglewati taman kui aku langsung kepikiran gek jaman biyen mlaku2 mrono karo keluargaku.. ati iki rasane keloro loro; isih eling aku jaman mrono numpak sepur, nang kebun binatang, ngguyu bareng.. duuh gusti, aku wis tambah ra betah nang kene, ora mung kui mergo mlaku ngono tapi karo mikir sawah..
rasane wis ora karu karuan ati iki, ora nikmati babar blas lan rasane jan ora kepenak !
gusti, paringono dalan terang
Minggu, 29 April 2012
bajingan tengik
pancen bajingan tengik, asu ! asu lan bajingan tengik iki kanggo keadaan sing ngene iki, ora nggo sopo2; lha gawe mangkel tok
pikiran ora sumeleh malah tambah ndodro ra jelas lan ora karu-karuan; kabeh mau kudhu kepie maneh ? aku kurang opo maneh ? arep njaluk opo maneh ? wis babak bundas to pikiranku..
iki ki meh nganti kapaaaaannnn...!!!!!!
urip sak madyo
awakku kesel banget; aku koyo ra nduwe urip; dino dino mung isine loro ati lan kurang turu; opo iki sing jenenge urip mampir ngombe? opo iki sing jenenge urip kui tergantung dewe nikmati gawean ? aku ngroso ora
awak lan pikiranku kesel banget, isine mung jan ngantuk lan kesel; ora pikiran, ati lan awak.. kabeh kesel
anak bojo nang indonesia
ndak dino mlebu kantor, ora setu yo ora minggu
pikiran mikir sawah lan nyiapno data; probabilitas lan kabeh kabeh'e
aku ra iso suwe suwe ngene iki, atiku wis koyo digaris garis, pikiran koyo dicacah cacah, awak koyo mung dikon mlayu terus, aku ra iso nikmati opo kui spring, summer, winter, sasi april, juni utowo desember
aku nganti ora mikir kapan ulang tahun, kapan prei, kapan natal, kapan kudu nang grejo.. aku kangen kui kabeh; ngroso kangen masa masa kui.
batin atiku wis keloro loro; pikiranku wis mbundet, awakku ora nambah lemu, keluarga adoh, kabeh mau mung isine lelah...
gusti, yen aku dikon ngene terus, aku wis ora kuat, ora iso, ora menungso meneh.. wis koyo zombie lan robot/ mesin
isine kerjo kerjo lan kerjo tur ora ono leren'ne meneh.. opo iki sing mbok karep'ke nang aku dikirim nang kene?? dungo ku ra dijawab jawab, kabeh mau mboh nang endi;; kowe nang endi aku yo ra reti.. awakku wis remukd gusti
Kamis, 26 April 2012
nyangkul meneh
Senin, 23 April 2012
kurang ajar
wis tak andani lan tak pikir iso mikir dewe; amergo bocah'e jare pinter, aku terlalu percoyo, bakno koyo tai ! ora reti lan bingung aku komunikasine ki pie ngono lo nang sawah; kok ora iso integrasi siji lan liyone, kabeh mlaku dewe2 lan ora takon ngalor ngidul.. jan buajingan tenan
mangkel ku okeh banget amergo ora iso diatur tur sok tau; mbok yo anggo utek sithik ngono lo, ora kakean sing sing, browsing, facebook, utowo liyone.. iki bisnis serius lan butuh wong sing serius; ora sak karepe dewe, la yen ngene ki asli ciloko kok.. ora mutu tenan.. kudune ki ndang sekolahno;
wong kene kie arang sekolah dadine yo mung ngono2 wae, ora dong, mumet, sok tenang, ora reti esensi gawean bahwa kudu sinau sing tenan ! mangkel tenan aku iki sak janne.. ora sithik mangkelku
Minggu, 22 April 2012
nyebahi
sing diwedeni kie rak yen ono tilp trus ra keangkat amergo henpun remuk kui, wis tak restart.. ngising ! malah suwi bgt loading'e... njaluk'e opo sih ??? opo kurang sabar aku sasen sasen dokoyok ngenek'ke ?? opo kurang nrimo aku.. heeehhh ???
asli dino iki dino nyebahi; aku ben dino mung ngomong dewe, nglamun, asu jan marai edan !! liyone durung ono jawaban, lhak yo kenthir.. iso mati edan aku nang kene, njalukmu kie opo heeh ? njaluk aku mati.. yo gek ndang dijipuk ae.. rasah kakean sing sing.. gawe mangkel !
Sabtu, 21 April 2012
asu tenan.. ora leren
pie le arep leren lan istirahat wong ora tau bar-bar.. terus ae ra ono rampung'e.. asli kesel tenan awak iki ora ono istirahat'te babar blass.. kabeh mau mung gawe mangkel lam gawe nggresulo nang ati... asu asu !!!!
Rabu, 18 April 2012
asu tenan
aku wis ngomong yen butuh medun ganti sudut gen ora keno tanggul; e sing siji ngeyel lan sijine mbuh ngopo.. ora peduli..
ngene iki sing aku paling ora seneng amergo do ora iso ngerti maksutku; mangkel aku amergo ngene iki; wong sing ngeyel kui susah didik didikanne; wong aku kie wis ngomong ping bola bali; yen kui kudu didon'ke !!!!!!! asu !!!!
wis ngono ra ono jawaban meneh seko liyane !
Selasa, 17 April 2012
sayah banget
Senin, 16 April 2012
ra menarik
Kamis, 12 April 2012
anak kangen
banjur meneng ae lan ndelengke nang kamera terus; trus bojoku ngajak dewekno berhitung boso inggris, pinter banget.. wis iso ngitung lan nyanyi.
trus ndak kamera dipindah, dewekno ngoyak lan pingin ndelokno aku, wektu nangis lan ndeleng aku terus meneng nangis'e
njur wektu ndeleng fotoku, ngomong 'papah.. papah.. papah..' duuh roso ati iki kelaran laran rasane; isih cilik tapi ngerti bapak'e, ngerti sing didelok lan diajak ngomong..
wektu ndak iso diputer lan aku bersyukur iso tetep ndelok anak anakku tumbuh, aku ra pingin kelangan setiap momen dalam hidup mereka..
gusti....
ulang tahun
kado paling spesial seko mamahku lan mbakyuku sing eling ulangtahunku; rasane seneng banget. amergo keluarga isih eling kapan aku ulang tahun
taun iki taun pembaruan, golek kumpeni anyar, pengalaman anyar, gaji anyar lan kehidupan yang lebih baik.. urip sing berkualitas ! manfaat'ke wektu sing ono dengan penuh kualitas !
seneng rasane yen iso ulangtaun nang jogja sak'janne..
Selasa, 10 April 2012
dino senen
sing mesti tak arep2 yen dino2 kerjo ki malah dudu gawean utowo kabar kantor, nanging jawaban nggo lamaran.. ditompo utowo ora, mung kui wae sing marai iso gawe penyebar semangatku
Senin, 09 April 2012
ngenteni
aku iki prasasat loro tanantuk janji
okeh tulodo
wong demen cidro, uripe rekoso
Minggu, 08 April 2012
hadiah Paskah
wong kerja sesuai dengan jurusanmu
Sabtu, 07 April 2012
Paskah
isi ati
sesasi uwis aku ngalami urip dewe,
sesasi uwis aku diuji ngurusi omah,
sesasi uwis aku wis ora sabar lan gundah
duit koyo wis ora dipikir maneh,
duit ora iso tuku kesenengan,
duit ora biso gawe ati seneng,
duit ora iso nggo ngganti kesepian
dino sore ngene mung lingguan nang njobo,
dino sore ngene mung ngrokok,
dino sore ngene mung meneng ae,
dino sore ngene blas ora ngobrol langsung
aku sumpek
aku kesel
aku gundah
aku rampung
gusti kowe nang endi
gusti nopo ra njawab
gusti nopo aku mbok koyo ngenek'ke
gusti jawab aku
meski tlah jauh
terbang jauh keawan
rasa rindu kian melawan
dingin dan kelam remukkanku didalam
kadang murung, meluap tak terbendung
rasa sesal semakin menurun, sejak kau pergi
berlari dan menangis...
ref.
meski tlah jauh kemana, kau coba tuk sembunyi, suatu saat nanti akan kembali.. jua..oleh cinta
telah lama, kabar menghampar
namun kisah kita takkan mudah terlupa
ref.
ilang kabeh
asli nggo nggolek'e wae perjuangan banget malah ilang kabeh saiki
Kamis, 05 April 2012
rasane kangen banget
mengko tak ceritani meneh
Senin, 02 April 2012
komplain vs fakta
pie dudu fakta yen pancen salah kok, aku cobo ngomong nang forum meeting lan ora ono sing nggatekno lan cuek; padahal kui mau fakta sing bener bukan komplain, iki misal'le
1. ora ono SOP sing jelas, sample kui dijupukndak 30', 60', opo ndak 90' ?
2. peta kudu warna, yen aku hitam putih ae amergo wong sawah gen iso ngeprint yen printer b/w
3. survey sing pener nggo diupload kui md, inc, azi
4. wong nang sawah kono kudhu ditraining, kurang bgt teknikal'le
5. soal perubahan target, sing ndadak anggo proyeksi
6. jogo warung tapi kon ngurusi kabeh, la sing 'umum' kui gaweanne opo
7. soal pihak ke 3, sing arep diilangno
8. yen meh landing, prosedur sing pasti ra ono
9. gawe peta sing ora ono direction
10. real time nang software sing 3d
cobo kui mau sing aku isih eling ae aku setidakke wis nulis 10 minim; aku percoyo okeh sing aku wenehi masukkan anggo dasar fakta ! meneh, iki ora komplain, tapi okeh sing ora bener.. tapi opo cobo.. ora dirungokne lan ra digagas
aku kie wis nganti umbelen nggonku sing ngomong, tapi kabeh mau mung dilebokno kuping kiwo metu kuping tengen.. kesel awakku ndeleng koyo ngene iki. Gusti...Gusti...
uwis ora nduwe niat
okeh banget sing gawe pikiranku judeg lan ora betah maneh, satu kata : CUKUP !!
dongo ku marang gusti mung kepie aku iso gek ndang lungo seko kumpeni iki sesegera mungkin, amergo wis ora sehat maneh, ora mung nggo aku ne tetapi nggo kabeh kabeh'e
rasane mung ora krasan, ora semangat lan ora nduwe passion koyo jaman mbiyen; kui mau amergo ora ono direction sing jelas.. macam tersesat nang hutan tapi ra nggowo kompas, dadi kumpeni iki koyo ilang orientasi maneh..