Selasa, 01 Mei 2012

awakku rasane remek

awakku saiki rasane remeg tenan, kuesel banget. dino iki ae nang meeting aku isine mung protes ngalor ngidul wis ra peduli meneh..

aku wis bacut mangkel karo nduwuranku, dadi wis luweh-luweh; kalah cacak menang cacak !

bar meeting rosone isih kesel banget lan terus ngawasi traktor loro sing lagi mbajak sawah; ngrubah target lan komunikasi.

wis rodo awanan.. mangan nang kantin sekolah karo konco; terus bali nang ruangan

tekan ruangan ngantukku jan ora ketulungan, aku keturon nang kursi ruangan cobo.. tangi langsung awak isih ngantuk lan kesel; cepak2 lan jam 2 awan minggat mulih omah! luweh batinku, kesel banget kok! wong liyo yo ra peduli ae kok, ngopo aku peduli banget

arep ngulihke yo kono, arep mindahke yo kono.. wis ra peduli meneh aku. ngopo ndadak ribut ! bar tekan ngomah.. adus banyu anget, trus turu.. nganti whareg !!

asu tenan kok iki perusahaan; ora reti gawean sing abot ngene lan malah sak penak'e ngemprok2 pegawe !!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar