Senin, 14 Mei 2012

ngobrol santai karo bojo lan mamah

mau bengi ngobrol santai karo bojoku lan mamahku, ngobrol'le kepenak lan gayeng.. koyo koyo aku lagi nang kono; perasaan iki wis suwe aku pingini, kangen ngobrol santai lan geguyonan ngene iki

mamahku wis rampung le cek lab nang solo, luka'e apik2 ae ora ono infeksi mung tulang'e wis mati dadi opsi kepindo sing arep dijipuk yaitu operasi sesok awal Juni iki; aku harap kabeh'e lancar2 wae.. Gusti, paringono berkah lan perlindungan

bapak morotuo senen iki yo meh operasi nang sarjito jogja, operasi pemasangan pen nang tulang belakang; aku yo berharap lancar kabeh..

aku harap iki kabeh cobaan wis bar nganti sasi iki wae; uwis uwis, kabeh wis keloro loro, kesek, awak lan pikiran lungkrah.. wis keforsir kabeh..

bojoku terang ae pikiranne bercabang-cabang, mikir anak cilik2, bapak'e meh operasi, mamahku yo meh operasi, omah bekasi sing ora kemonitor, urusan visa, sim, lan kabeh2'e kui

anakku sing cilik dewe kie yo saiki ndagel, gayane ki wis koyo bos ae.. lunggoh karo malang kelek; jan ngegemesi hehehe..

aku dewe isih tetep ngengarepi ono jawaban positif lan gek ndang pindah, susah'e keluargaku lan keluarga bojo.. kui juga susahku; dadi kekarepanku marang Gusti gedhe banget. Gusti paringono sing paling apik lan positif kanggo kabeh2 e termasuk aku. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar