Minggu, 27 Januari 2013

weekend

weekend wingi aku mung teturon nang apartemen, tetapi ono sedino sing kudhu metu karo konco, asli ne males bgt sakjanne wingi metu amergo luwih asik nang apartemen

yen prei nang apartemen ngopo? yo mung turu, nonton tv, skypan lan internetan

ora bosen? blas ora bosen, malah seneng

ora metu2? yo metu yen meh holek mangan

ora pingin dolan? ora, meh dolan nang ndi ro ngopo

ora pingin dolan ro konco? blas, males

knopo males? soalle yen nang apartemen iso males2an, kui sing digoleki je

males2an pie? turu telat lan turu iso mblandang :)

yen ngenet opo ae? google, fb, detik, lan skype

skype'an ro sopo? bojo lan ibu

fb an? yo mung moco updatan status konco2 ae

nonton tv? yo nonton film

mangan? metu golek mangan, dibungkus dadi 2 opo 3, skalian nggo sore utowo esuk

knopo? males bolak balik, kesel le mlaku

yen sok nduwe mobil po yo meh nang njeron terus? iyolah, kecuali ono keluarga mengko, yo diajak dolan2

kangen ra ro keluarga? rasah takon, yo teranglah kangen

wis suwe yo? wislah, meh 3 sasi kok

la konco liyane malah ktemu 6 sasi pisan yo biasa wae? kui urusanne dewekno, pendak uwong bedo2; yen dewekno iso ngono yo apik

ora seneng kumpul2 bareng kah? ora

knopo? mungkin wis kit mbiyen ngono kok

ora wedi didoh konco? knopo wedi, wong aku yo ra milarani dewekno kok wedi didoh, wong ngrasani yo ora

wis pernah kumpul2? yo uwislah, tapi yo kesel juga bakno; wayahe istirahat yo nggo istirahatlah

nuwun interviewne? podo2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar