Selasa, 27 November 2012

Edan wong kantor do gelut

aku kie lagi pisan iki ndelok wong kantor gelut, gelut'e ae ora baen2.. dirungokno sak lantai lan antara lanang ro wedok
ceritane sing wedok kie takok tamu sing mau kok ora ono, nang endi..
lah sing lanang wong bawang.. kui ngomong "aku lagi sibuk.. ojo ganggu, kowe ngopo bentak2 aku, ngopo ngakon aku... kowe dudu bos'ku, lungo kono.."
lhah keterusan, nganti mbentak-mbentak sing wong bawang.. wah edan pikirku... uuasu tenan iki ngrungok'no ngene kie.. mosok do koyo ngono to
 
edan... iki gemblengan mental tenanan.. asli... wong'e do sak'penak'e dewe lan ora iso dinyono..
ndang2 nesu ora ono sebab'e...
ndonyo'ne kene edan !

Kamis, 22 November 2012

Ngurus barang tekanan seko njobo

Dino iki ngurus dokumen kanggo bojoku, amergo barang seko negoro Sam meh teko akhir sasi iki nang Jakarta. Dokumen2 kuwi kanggo pengurusan nang bea-cukai..

Pengurusan bea cukai kui penting ben ora keno pajek amergo memang dudu barang impor kanggo didol tetapi barang impor sing nggo’ne dewe

 

Rabu, 21 November 2012

Ngantuk pak'de...

Wooaaahh… ngantuk’e poool… padahal wis turu lan kepenak,

Tapi angger moco paper boso londo, woalah… iso liyer-liyer.. moto kie koyo diganduli wesi 10kg asli ngantuk

Iki aku lagi moco sejarah watu nang lingkungan kene, maklum iki pindahan kumpeni dab

Dadi perlu sinau dhisik soal watu’ne

 

Nang kumpeni iki rak ono istirahat siang’e, dadi bablas seko jam 7 nganti jam 3 sore, emang keto’e si cepet yo, tetapi

Yo berat juga; sementara iki apiklah aku rak pernah telat.. amergo turu saiki wis teratur ora koyo mbiyen

Mugo2 gek ndang betahlah…

 

Selasa, 06 November 2012

nglepas barang, cukai lan ekspedisi

bakno ekspedisi apik kelas internasional kui ra njamin iso gawe gampang lan ngewangi dewe; malah gawe tambah runyam. asli.. ora worthied sama sekali

mosok biaya kirim 5 juta kok malah biaya pajek'e 2 jt dewe, iki opo ngono looo..

ditilpun yo ra diangkat, dadi nang ngastino kui.. customer kie digawe inferior dan powerless, gelem sakmono.. ra gelem yo karepmu

rak yo telo to yen ngono..

Minggu, 04 November 2012

KW - tekan

seminggu nang negoro ngastino jan kepenak tenan, ktemu karo ibu lan konco-konco

negoro ngastino ki pancen paling kepenak, opo opo ono, gampang golek'anne lan uwong'e ora kakean cangkem

tanggal 1 nov wingi aku menyang nang KW lan saiki wis tekan, dino jumat setu kie dino prei nang kene, rodo bedo karo nang pak'de sam lan liyanne. aku menyang kene dewean lan mengko lagi anak bojo melu, mungkin isih 2 sasi meneh lagi iso digowo

yen aku meh cerito nang kene, aku rung iso cerito okeh amergo cen lago dino kepindo aku nang kene; mungkin sesok lagi iso cerito okeh

sesok tak ceritakke opo sing ono nang kene