seminggu meneh aku bali !! rasane wis ra sabar gik ndang minggat seko kene, asli mung gawe mangan ati lan loro weteng jee.. ora nikmat babar blass..
Gusti gek ndang aku etuk lan iso minggat cepet
Senin, 28 Mei 2012
Selasa, 22 Mei 2012
minggat telu
wis rodo suwe le aku sing arang nulis nang kene; iki aku nulis meneh amergo ono kabar sing kudu dikabari
konco2 ku wong loro meh mulih kampung, tur pancen wis wayah'he do bali kampung amergo wis suwe le macul nang kene.. dadi yo wis wajar, meski yo roso atiku rodo kepiye ngono, amergo konco jee, ditinggal ngono kui rak yo kroso banget
nah iki mau bali karo salah sijine lan dewe ngobrol nang mobil, bakno ono siji maneh sing meh bali.. tapi dikonkon bali ndadak; lak yo mak njegagik aku le kaget
dewekno sak janne isih setaun meneh tapi wis dikon mulih, amergo 'mungkin' kekurangan uwong.. lah.. njur batinku jebulle ono wong telu sing meh mulih kie???
iki jan wis ora sehat maneh, wis dibalik balik'ke saiki; lha nak aku kon milih aku juga milih balik ndeso. ngopo nang kene mung nyawah lan ora etuk opo opo meneh.. mending nang ndeso lan mbangun ndeso
pancen wis ora iso dinyono manrh meh kepie iki le muter muterke uwong nang kene, wis ORA SEHAT !!
jawaban yo rung ono... iki jan kepie aku dewe ora dong !!!!!!

Selasa, 15 Mei 2012
kok yo durung ono jawaban..
aku tetep berharap jawaban sak cepet te seko sliramu, aku wis ora kuat nunggu meneh.. kabeh wis berusaha sabar; uwis punjul seko 5 sasi, iki wis gawe ati lan pikiran serta awakku bundet ora karuan
yen kepikiran bon sing mau, rasane wis koyo meh pecah ndase; ora gawe kepenak nang pikiran.. kabeh kui bubar kabeh, ora ono jluntrung'e.. asli mung gawe mumet
Gusti.. endi sliramu marang aku.... :(

Senin, 14 Mei 2012
ngobrol santai karo bojo lan mamah
mau bengi ngobrol santai karo bojoku lan mamahku, ngobrol'le kepenak lan gayeng.. koyo koyo aku lagi nang kono; perasaan iki wis suwe aku pingini, kangen ngobrol santai lan geguyonan ngene iki
mamahku wis rampung le cek lab nang solo, luka'e apik2 ae ora ono infeksi mung tulang'e wis mati dadi opsi kepindo sing arep dijipuk yaitu operasi sesok awal Juni iki; aku harap kabeh'e lancar2 wae.. Gusti, paringono berkah lan perlindungan
bapak morotuo senen iki yo meh operasi nang sarjito jogja, operasi pemasangan pen nang tulang belakang; aku yo berharap lancar kabeh..
aku harap iki kabeh cobaan wis bar nganti sasi iki wae; uwis uwis, kabeh wis keloro loro, kesek, awak lan pikiran lungkrah.. wis keforsir kabeh..
bojoku terang ae pikiranne bercabang-cabang, mikir anak cilik2, bapak'e meh operasi, mamahku yo meh operasi, omah bekasi sing ora kemonitor, urusan visa, sim, lan kabeh2'e kui
anakku sing cilik dewe kie yo saiki ndagel, gayane ki wis koyo bos ae.. lunggoh karo malang kelek; jan ngegemesi hehehe..
aku dewe isih tetep ngengarepi ono jawaban positif lan gek ndang pindah, susah'e keluargaku lan keluarga bojo.. kui juga susahku; dadi kekarepanku marang Gusti gedhe banget. Gusti paringono sing paling apik lan positif kanggo kabeh2 e termasuk aku. Amin

Sabtu, 12 Mei 2012
Jawaban Durung Teko
Aku nunggu nunggu jawaban sing aku wingi ono ketemuan, durung teko-teko
iki wis 3 dino seko aku ono ketemuan wingi, mungkin isih awal tapi aku wis ngrasakke soyo suwe suyo ra betah nang kene
ora mergo ngopo-ngopo.. amergo wis cen ora nyenengke meneh..
mugo2 Gusti maringin jawaban sing aku njaluk'ke...
Rabu, 09 Mei 2012
meeting jam 7 esuk
dino iki mau meeting jam 7 esuk, asli aku turu 1 jaman tok, untung'e wengi yo wis katuk le turu :)
jam 22 tekak jam 2 esuk ngobrol mbik bojo ngalor ngidul, gojek bareng..; wis manteblah
meeting mau esuk asli lancar, maturnuwun Gusti; dino iki blas ora misuh sik.. amergo macul le leren dilit; terus kabeh'e lagi minggat :)
mugo2 kabeh'e sesuai pengharapan lan lancar jaya ah.. wis kesel aku nang kumpeni iki; gawe stress lan edan; iso2 mlumpat seko lantai 20
Gusti, mugo2 jawabanne positif !

Senin, 07 Mei 2012
Dino Asu
dino-dino iki rasane mung pingin nesu lan misuh-misuh,
awakku loro banget, lemes... aku wis ra kuat, meeting dino iki mau mung ngantuk lan kesel..
iki kumpeni terutama group iki wis ora bener maneh
wis rusak
Kamis, 03 Mei 2012
OTC dagelan
ndeleng OTC dino iki mau asli mung dagelan alias gombal mukiyo, ora mutu isine.. tak pikir kie luwih apik lan temoto eeee bakno malah mung ngobrol2 telek..
asli ora menarik babar blas, gawe mangkel ae isine tapi ra ono jluntrung'e. mendingan mau ngomah malah iso bobok manis.. iki malah panasen lan rak mutu babar blass
tai !

Selasa, 01 Mei 2012
awakku rasane remek
awakku saiki rasane remeg tenan, kuesel banget. dino iki ae nang meeting aku isine mung protes ngalor ngidul wis ra peduli meneh..
aku wis bacut mangkel karo nduwuranku, dadi wis luweh-luweh; kalah cacak menang cacak !
bar meeting rosone isih kesel banget lan terus ngawasi traktor loro sing lagi mbajak sawah; ngrubah target lan komunikasi.
wis rodo awanan.. mangan nang kantin sekolah karo konco; terus bali nang ruangan
tekan ruangan ngantukku jan ora ketulungan, aku keturon nang kursi ruangan cobo.. tangi langsung awak isih ngantuk lan kesel; cepak2 lan jam 2 awan minggat mulih omah! luweh batinku, kesel banget kok! wong liyo yo ra peduli ae kok, ngopo aku peduli banget
arep ngulihke yo kono, arep mindahke yo kono.. wis ra peduli meneh aku. ngopo ndadak ribut ! bar tekan ngomah.. adus banyu anget, trus turu.. nganti whareg !!
asu tenan kok iki perusahaan; ora reti gawean sing abot ngene lan malah sak penak'e ngemprok2 pegawe !!

Langganan:
Postingan (Atom)