Dino iki asli mangkel tenan, asu maneh..
kepriye jal, bakno konco liyan'ne etuk pesangon' gedhe, opo aku kon tetep nang 'kene' ? sakjan'ne sih ora masalah duit, mung perlakuan sing ora 'mantesi' lan ora wajar. Gawean podho, mosok etuk'e bedho, yo nak melu utaran jowo 'wong sabar gedhe wekasan'ne', mungkin tumindak iku mau memang aku kudu sing jembar ati'ne. Aku isih tetep ndongo marang gusti yen aku iso gek ndang minggat wae. kesuen nang kene ora nyelot kepenak malah nyelot mangan ati lan ora ono sing iso dinggo cekelan.
kantor pating semrawut, okeh banget sing ora jelas, uwong-uwong podho minggat dewe-dewe, anak-bojo nang kampung, wis kabeh iki mau dadi paket ekonomis (pak Eko) sing mak'bruukkk nang ndasku. Gusti, paringono jawaban marang aku iki, mosok po iyo aku kudhu ngelakoni lelakon koyo ngene iki; urip luwih kepenak nang Jakarta. iso cedhak karo keluarga, opo-opo gampang lan murah, ora ono kepikiran sing macem-macem.
lungkrah awak-ku ngelakoni urip koyo ngene
Tidak ada komentar:
Posting Komentar