Rabu, 24 Oktober 2018

anak ku video

Anakku sik nomor siji saiki seneng gawe vlog, kui video nang yutub. Pingin dadi yutuber selagi ono nang nggurun; aku sabai wong tuo yo ndukung kekarepanne dewekno senajan makaryo nang industry iki okeh intrik sik malah nak ra kuat iso stress gae nesu nesu tok lan mangan ati

 

Yo digawe pendek ae muk dadi pegawe terus

 

Kenopo tak dukung dadi yutuber? Amergo ben dewekno malah dadi PD lan due sesuatu sik iso dewekno banggaken mengko ne, wong tuo mung iso mbukakke dalan.. selebihhe dewekno dewe sik kudu mlaku. Yo alon alon ngko kudu tak ajari computer juga.. dadi dewekno iso latihan dewe lan ngedit dewe

 

Mugo mugo lancar

oktober 2018 suog

sakjanne makryo ki yo aku tenanan kit mbiyen; opo sik ono hawean yo digawe lan wenehi input sik tenanan; tapi yo kui mau cen suog

lha wong kepie; kabeh ra jelas saiki

coba rono rene ora ono jawaban, ono jawaban tapi ra positif; wis piro wae.. okeh banget.. percis wektu mbiyen nang nggone menara kembar lo

blasss koyo ora ono sik jawab

aku lagi bingung carane ngene; umur nyelot tuo tapi koyone ora tau nemokke sik kepenak nggo tentreming ati lan pikiran.. sabar? yo sabarre wis kesuen kit 2014 sept ki regone remuk lan okeh sik ora iso lanjut makaryo

aku isih slamet tapi manteng ae posisi ne, mbuh kit 2013 nganti saiki aku nulis

lha pie wingi malah wong liyo sik etuk bintang; akune yo sik kroco mumet; nganti kapan koyo ngene iki rek. ora ono kejelasan opo setidak’e ono harapan

mbuh nganti kapan ngene iki.. macul nang lemah sik ora iso ditanduri

kilas seko 2014 nganti 2018

tulisan terakirku nang blog iki 2014, sak barre kui aku lali alamat blog iki. tujokno blog iki isih mlaku lan iso tetep moco tulisan tulisanku mbiyen

iki aku meh kilas balik 2014 nganti 2018 rekapan sik isih iso tak eling eling

2014

urusan omah nang bekasi sik beres tandatangan ajb

2015

anak bojo sik nang indonesia

2016

dewean nang nggurun

2017

anak bojo balik nang kene

Selasa, 28 Januari 2014

Ulang taun anak

Dino iki ulang tahun anakku sing nomor 2, aku saying karo dewekno..

Memang ketoke nakal tapi asline dewekno kie ora nakal, malah apik’an lan ora dendaman..

 

Aku pingin dewekno cepet ndang iso ngomong, iso ngerti yen dijak ngomong, iso dolanan bareng kare dewe lan mbakyune

Aku pingin dewekno dadi anak sing pinter lan iso mbanggakke jeneng’e keluarga lan wong tuo

Aku pingin dewekno cepet iso mari

 

Aku sayang anakku

Selasa, 21 Januari 2014

Kilas Urip 2013

Balik maneh setelah sekian lama aku ora nongol nang kene, teru terang tahun 2014 iki beberapa kejutan dan positive view sudah ketok. Mamah wis sembuh dan recovery, wis mulai ketoto dan bedo banget karo 2013, ketok’e emang 2013 iku isine mung taun sing berat.. paling berat mungkin sepanjang perjalanan hidup.

 

Berikut rincian perjalanan hidup utowo kilas balik 2013 :

 

JANUARI 2013

-       3 bulan ngidak lemah nang kene, isih dewean lan kabeh kudhu set-up dewe lan serba ora jelas.

-       Mrono-mrene dewean lan urusan nggo ngundang keluarga koyo arep ngundang presiden.. susah lan dilempar-lempar tanpa ora jelas.

-       Anak sajak’e positif keno, dadi sekalian kudhu takok kumpeni kepie carane iso di-cover.

-       Takok kumpeni, malah ono masalah karo aku’ne.. data’ne ilang lang doubtful..???

 

FEBRUARI 2013

-       Takok kumpeni, malah ditawari posisi dagelan

-       Meh urus dewe, karo petugas’e ora ngoleh’ke.. takok mrono mrene mlaku adoh, tekak bos.. ora ono kejelasan

-       Akhir’e ngurus dewe nang omah putih, isih ora jelas..

-       Kudhu bali lan njemput keluarga

-       Keluarga teko nang negoro iki

 

MARET 2013

-       Keluarga sitik-sitik mulai set-up nang kene, memang rodo susah.. nggresulo lan mangkel kui wis panganan pendak dino

-       Ngurus maneh soal aku, sak keluarga teko nang omah putih, nggolek kejelasan.. akhir’e ono kejelasan tapi nang record ora dihapus, dadi asline isih ono nang kono

-       Seko sasi Nov nganti Maret kui ngurus urusan sing ora mutu.. soal aku

-       Tuku kendaraan lan wis mulai nyetir

 

APRIL 2013

-       Ngurus urusan anak, bojo bolak balik nang omah putih nggo golek coverage

-       Aku dewe mulai etuk objectives lan KPI seko kene

-       Mulai nglumpokke data tapi ora jelas, nggolek’e kepie..

 

MEI 2013

-       Mulai ngurus KTP bojo lan anak-anak, mulai rodo minder maneh.. amergo lewat underground mining lan asli ora mbejaji. Anak juga repot soal urusan vaksin lan nganti gegelutan

-       SIM cobo ngurus.. telek, ora ono kejelasan.. malah ditolak

-       Dadi stuck, seko kene ora ono kejelasan

-       Bojo isih ngurus nggo anak nang omah putih bolak balik

-       Anak siji wis mulai sekolah

 

JUNI 2013

-       Bojo isih ngurus ngalor ngidul nggo anak, anak wis ping bolak balik tes iki lan kui, jupuk darah nganti wis ping bola-bali ora ketung

-       Nang endi endi aku nganggo taksi lan bojo juga nganggo taksi

-       Pengeluaran nggo diet lan sebagainya membengkak drastic

-       Aku malah njupuk kelas S2

 

JULI 2013

-       Anak disetujui dicover kumpeni setelah perjuangan panjang

-       KTP wis etuk, lan anak siji wis sekolah temoto

-       Isih numpak taksi

-       Golek2 tempat nggo anak sijine

 

AGUSTUS 2013

-       Ketemu tempat nggo anak sijine, tapi adoh banget

-       Mulai kudhu ngatur kepie nggo transportasine lan kabeh’e

-       Aku reti bojo kie asline kesel banget, aku yo kesel banget

-       Segala sesuatu ora genah lan ora jelas. SIM ngadat, taksi’nan.. mulai urus status keluarga

 

SEPTEMBER 2013

-       Mulai planning nggo cuti sasi oktober pas prei dowo, balik nang ngastino

-       Kabeh mulai persiapan, anak bojo kabeh seneng.. aku yo seneng

-       Gawean memang lagi rumit, tapi amergo wis meh bali.. dadi luweh2

 

OKTOBER 2013

-       Pikiran wis ora nang kene, pingin bali wae

-       Bojo wis persiapan mantab. Bali nang ngastino.. negoro suwargo

-       SENENG atiku lan keluarga-ku

 

NOVEMBER 2013

-       Balik maneh, wis roso’ne dadi nggresulo lan lungkrah

-       Balik makaryo maneh; sesuatu sing rutin.. mlebu kantor maneh, bojo kudu siapin iki lan kui maneh

-       SIM isih nglokro

 

DESEMBER 2013

-       Planning dolan nang negoro artifisial, kabeh seneng maneh

-       Mangkat akhir’e lan taun baru ora nang negoro iki

 

 

Yen di statistic, sekitar 80-85% kui sisine semrawut nang kene… tetapi awal 2014 iki ketok luwih temoto. Mung tiba2 komputerku crash.. HDD ilang kabeh. Mbuh meh kepiye njur’an

 

Senin, 02 Desember 2013

mari seko prei'nan

Esuk iki mau aku krungu seko status FB koncoku yen kumpeni ku sing mbiyen akhir’e wis ketok sopo sing tuku (pembeli) ne, kuiw perusahaan patungan negoro Ngastino karo negoro tonggo. Yo aku sih biasa wae, ora ono roso kepiye ngono. Mung seneng lah akhir’e bahwa dodolan’e pancen tenanan.. amergo yen ora sido, aku malah gelo banget.. tiwas wis minggat tho?
 
Selepas’e kui, iki mungkin tulisanku wis suwe banget ora ono kabar’e.. terus terang wae, 3 mingguan aku bali nang Ngastino karo keluarga… istirahat sejenak. Prei kui ora kroso dadi cepet banget lan kudhu balik maneh nang kene
 
Semenjak teko mlebu ruangan kantor nganti saiki, aku nyobo pie ben iso krasan lan happy yo nang kantor yo karo negoro’ne; tetapi isih kroso susah banget mbuh kenopo. Isine mung pingin nesu lan mangkel dengan tabiat sing ono nang kene. Terus terang; wong lokal’e apik.. nggak ono masalah; mung to wong seko negoro liyo sing seneng gawe masalah
 
Aku ora reti kedepan’e kepiye yen ngene kie terus..
Mbuh!
 
 
 
Best Regards,
 
 
 
Anton PRAKOSO
KOC/EXP/ES/G&G/GEO
 
 
 

Minggu, 22 September 2013

Negoro dewe

Dino iki dino minggu, mungkin wis suwe banget aku jarang nulis nang blog iki. Ora amergo aku males, tetapi memang rutinitas sing mungkin ora terlalu menarik yen tak tulis nang blog iki. Koyo misal’le wingi ketemuan karo komunitas seko negoro godhong maple nang kene, di lain wektu ono acara wong ngastino gawe acara sing jarenen rame.. tapi pancen aku ndelok nang postingan konco-konco rame banget sing do teko, tapi aku ndelok acara’ne kui yo biasa wae.. tujok’no aku ora melu teko J mung males wae meh teko, arep ngopo..
 
Isih 3 minggu meneh lagi iso mbalik nang Ngastino, roso’ne kui wis aras-arasen makaryo, amergo sing dipikir wis nang negoro ngastino.. meh njajal bakno, seafood, moro lejar, mie ayam, soto, lan okeh banget sing pingin dirasakno.. wis kadung suwe aku ora nikmati kui kabeh. Maklum wis punjul 3 taun iki macul nang njobo. Ketok’e sing uwong ndelok kepenak, tapi yo ono juga ra kepenak’e lo sak’janne.. wong ternyata yo mung ngono-ngono wae.. luwih enak kie yo nang negoro dewe!
 

Minggu, 08 September 2013

minggat maneh

Wis rodok suwe kit aku nulis nang catetan iki, mungkin wis punjul seko 2 minggu yo? Well, selama 2 minggu kui okeh banget kejadian sing aku lan keluargaku alami nang kene.. sing marai aku dadi durung sempet nulis nang catetan iki. Sepisan amergo minggu minggu iki sibuk aku lan bojoku ngurus siji lan sijine, nganti weekend wae agenda’ne kebak banget. Satat’e koyo ora ono wektu leren.
Tapi kui mau yo dinggo anak, mlayu mrono mlayu mrene kui nggo anak, makane yo dilakoni wae. Aku sakjanne karo bojo yow is koyo rak kuwat kuwat’o.. dipontang panting’ke lan duit sing metu pendak dino.. sasat’e koyo ora ono kesempatan nggo sejenak leren lan ngatur irama urip.
Gusti, kok lakonan iso abot’e koyo ngene; asli iki mung gawe remek nang awak.. lan ora reti nganti kapan koyo ngene kui kelakonan ne. Kudhu mrono mrene lan gawean sing ngene iki.. cobaan lan halangan pendak dino, terlalu okeh masalah nang urip.. terlalu okeh
Aku kadang nganti ora reti meh ngetik opo maneh nang catatan iki, amergo kebak banget otak lan pikiranku iki..
 
Aku tak cerito rodo mlipir wae.. sing rodo enteng, aku mau bengi cek-cek nang salah satu media social khusus nggo professional ceritane. Aku cek-cek biasa wae.. terus kaget aku amergo aku nemok’ke mantan bos besar jaman mbiyen aku ngarit nang kumpeni sak durung’e iki.
Dewekno wis minggat..iyo minggat seko kumpeni kui juga pindah nang service company, nang UK. Padahal dewekno kui wong’e apik’an banget.. ngobrol lan seneng bergaul, eee… ndang ndang kit august 2013, dewekno wis nang kumpeni anyar..
 
Ckckck…