Minggu, 22 September 2013

Negoro dewe

Dino iki dino minggu, mungkin wis suwe banget aku jarang nulis nang blog iki. Ora amergo aku males, tetapi memang rutinitas sing mungkin ora terlalu menarik yen tak tulis nang blog iki. Koyo misal’le wingi ketemuan karo komunitas seko negoro godhong maple nang kene, di lain wektu ono acara wong ngastino gawe acara sing jarenen rame.. tapi pancen aku ndelok nang postingan konco-konco rame banget sing do teko, tapi aku ndelok acara’ne kui yo biasa wae.. tujok’no aku ora melu teko J mung males wae meh teko, arep ngopo..
 
Isih 3 minggu meneh lagi iso mbalik nang Ngastino, roso’ne kui wis aras-arasen makaryo, amergo sing dipikir wis nang negoro ngastino.. meh njajal bakno, seafood, moro lejar, mie ayam, soto, lan okeh banget sing pingin dirasakno.. wis kadung suwe aku ora nikmati kui kabeh. Maklum wis punjul 3 taun iki macul nang njobo. Ketok’e sing uwong ndelok kepenak, tapi yo ono juga ra kepenak’e lo sak’janne.. wong ternyata yo mung ngono-ngono wae.. luwih enak kie yo nang negoro dewe!
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar