Balik maneh setelah sekian lama aku ora nongol nang kene, teru terang tahun 2014 iki beberapa kejutan dan positive view sudah ketok. Mamah wis sembuh dan recovery, wis mulai ketoto dan bedo banget karo 2013, ketok’e emang 2013 iku isine mung taun sing berat.. paling berat mungkin sepanjang perjalanan hidup.
Berikut rincian perjalanan hidup utowo kilas balik 2013 :
JANUARI 2013
- 3 bulan ngidak lemah nang kene, isih dewean lan kabeh kudhu set-up dewe lan serba ora jelas.
- Mrono-mrene dewean lan urusan nggo ngundang keluarga koyo arep ngundang presiden.. susah lan dilempar-lempar tanpa ora jelas.
- Anak sajak’e positif keno, dadi sekalian kudhu takok kumpeni kepie carane iso di-cover.
- Takok kumpeni, malah ono masalah karo aku’ne.. data’ne ilang lang doubtful..???
FEBRUARI 2013
- Takok kumpeni, malah ditawari posisi dagelan
- Meh urus dewe, karo petugas’e ora ngoleh’ke.. takok mrono mrene mlaku adoh, tekak bos.. ora ono kejelasan
- Akhir’e ngurus dewe nang omah putih, isih ora jelas..
- Kudhu bali lan njemput keluarga
- Keluarga teko nang negoro iki
MARET 2013
- Keluarga sitik-sitik mulai set-up nang kene, memang rodo susah.. nggresulo lan mangkel kui wis panganan pendak dino
- Ngurus maneh soal aku, sak keluarga teko nang omah putih, nggolek kejelasan.. akhir’e ono kejelasan tapi nang record ora dihapus, dadi asline isih ono nang kono
- Seko sasi Nov nganti Maret kui ngurus urusan sing ora mutu.. soal aku
- Tuku kendaraan lan wis mulai nyetir
APRIL 2013
- Ngurus urusan anak, bojo bolak balik nang omah putih nggo golek coverage
- Aku dewe mulai etuk objectives lan KPI seko kene
- Mulai nglumpokke data tapi ora jelas, nggolek’e kepie..
MEI 2013
- Mulai ngurus KTP bojo lan anak-anak, mulai rodo minder maneh.. amergo lewat underground mining lan asli ora mbejaji. Anak juga repot soal urusan vaksin lan nganti gegelutan
- SIM cobo ngurus.. telek, ora ono kejelasan.. malah ditolak
- Dadi stuck, seko kene ora ono kejelasan
- Bojo isih ngurus nggo anak nang omah putih bolak balik
- Anak siji wis mulai sekolah
JUNI 2013
- Bojo isih ngurus ngalor ngidul nggo anak, anak wis ping bolak balik tes iki lan kui, jupuk darah nganti wis ping bola-bali ora ketung
- Nang endi endi aku nganggo taksi lan bojo juga nganggo taksi
- Pengeluaran nggo diet lan sebagainya membengkak drastic
- Aku malah njupuk kelas S2
JULI 2013
- Anak disetujui dicover kumpeni setelah perjuangan panjang
- KTP wis etuk, lan anak siji wis sekolah temoto
- Isih numpak taksi
- Golek2 tempat nggo anak sijine
AGUSTUS 2013
- Ketemu tempat nggo anak sijine, tapi adoh banget
- Mulai kudhu ngatur kepie nggo transportasine lan kabeh’e
- Aku reti bojo kie asline kesel banget, aku yo kesel banget
- Segala sesuatu ora genah lan ora jelas. SIM ngadat, taksi’nan.. mulai urus status keluarga
SEPTEMBER 2013
- Mulai planning nggo cuti sasi oktober pas prei dowo, balik nang ngastino
- Kabeh mulai persiapan, anak bojo kabeh seneng.. aku yo seneng
- Gawean memang lagi rumit, tapi amergo wis meh bali.. dadi luweh2
OKTOBER 2013
- Pikiran wis ora nang kene, pingin bali wae
- Bojo wis persiapan mantab. Bali nang ngastino.. negoro suwargo
- SENENG atiku lan keluarga-ku
NOVEMBER 2013
- Balik maneh, wis roso’ne dadi nggresulo lan lungkrah
- Balik makaryo maneh; sesuatu sing rutin.. mlebu kantor maneh, bojo kudu siapin iki lan kui maneh
- SIM isih nglokro
DESEMBER 2013
- Planning dolan nang negoro artifisial, kabeh seneng maneh
- Mangkat akhir’e lan taun baru ora nang negoro iki
Yen di statistic, sekitar 80-85% kui sisine semrawut nang kene… tetapi awal 2014 iki ketok luwih temoto. Mung tiba2 komputerku crash.. HDD ilang kabeh. Mbuh meh kepiye njur’an
Tidak ada komentar:
Posting Komentar