Minggu, 22 September 2013

Negoro dewe

Dino iki dino minggu, mungkin wis suwe banget aku jarang nulis nang blog iki. Ora amergo aku males, tetapi memang rutinitas sing mungkin ora terlalu menarik yen tak tulis nang blog iki. Koyo misal’le wingi ketemuan karo komunitas seko negoro godhong maple nang kene, di lain wektu ono acara wong ngastino gawe acara sing jarenen rame.. tapi pancen aku ndelok nang postingan konco-konco rame banget sing do teko, tapi aku ndelok acara’ne kui yo biasa wae.. tujok’no aku ora melu teko J mung males wae meh teko, arep ngopo..
 
Isih 3 minggu meneh lagi iso mbalik nang Ngastino, roso’ne kui wis aras-arasen makaryo, amergo sing dipikir wis nang negoro ngastino.. meh njajal bakno, seafood, moro lejar, mie ayam, soto, lan okeh banget sing pingin dirasakno.. wis kadung suwe aku ora nikmati kui kabeh. Maklum wis punjul 3 taun iki macul nang njobo. Ketok’e sing uwong ndelok kepenak, tapi yo ono juga ra kepenak’e lo sak’janne.. wong ternyata yo mung ngono-ngono wae.. luwih enak kie yo nang negoro dewe!
 

Minggu, 08 September 2013

minggat maneh

Wis rodok suwe kit aku nulis nang catetan iki, mungkin wis punjul seko 2 minggu yo? Well, selama 2 minggu kui okeh banget kejadian sing aku lan keluargaku alami nang kene.. sing marai aku dadi durung sempet nulis nang catetan iki. Sepisan amergo minggu minggu iki sibuk aku lan bojoku ngurus siji lan sijine, nganti weekend wae agenda’ne kebak banget. Satat’e koyo ora ono wektu leren.
Tapi kui mau yo dinggo anak, mlayu mrono mlayu mrene kui nggo anak, makane yo dilakoni wae. Aku sakjanne karo bojo yow is koyo rak kuwat kuwat’o.. dipontang panting’ke lan duit sing metu pendak dino.. sasat’e koyo ora ono kesempatan nggo sejenak leren lan ngatur irama urip.
Gusti, kok lakonan iso abot’e koyo ngene; asli iki mung gawe remek nang awak.. lan ora reti nganti kapan koyo ngene kui kelakonan ne. Kudhu mrono mrene lan gawean sing ngene iki.. cobaan lan halangan pendak dino, terlalu okeh masalah nang urip.. terlalu okeh
Aku kadang nganti ora reti meh ngetik opo maneh nang catatan iki, amergo kebak banget otak lan pikiranku iki..
 
Aku tak cerito rodo mlipir wae.. sing rodo enteng, aku mau bengi cek-cek nang salah satu media social khusus nggo professional ceritane. Aku cek-cek biasa wae.. terus kaget aku amergo aku nemok’ke mantan bos besar jaman mbiyen aku ngarit nang kumpeni sak durung’e iki.
Dewekno wis minggat..iyo minggat seko kumpeni kui juga pindah nang service company, nang UK. Padahal dewekno kui wong’e apik’an banget.. ngobrol lan seneng bergaul, eee… ndang ndang kit august 2013, dewekno wis nang kumpeni anyar..
 
Ckckck…