Sak persawahan gedhe iki saiki podo njupuk prei kabeh amergo meh bakdan alias lebaran. Tonggo teparo podo wis menyang bali kabeh nang kampong kit dino kemis minggu wingi. Aku iso ndelok kepie rai-ne podo sumringah kabeh amergo meh bakdan nang kampong.. bejane wong wong kui kabeh..
Lha aku dewe ? aku dewe karo keluarga yo stuck nang sawah kene, durung ono sisi positif pun durung ono kabar sing iso didadekno kabar apik.. kenopo ? lha amergo memang ora ono sing iso didadekno sesuatu sing nggo kabar apik. Wingi wae weekend, aku ro bojo yo mung metu kie nang supermarket golek barang-barang kebutuhan mingguan; aku kadang mesak’ke sing mbiyen selalu ngajak dolan anak-anak amergo emang wayah’e weekend kie nggo dewekno.. ee.. saiki mung diajak nang supermarket
Ndelok opo ? rak yo mung ndelok brokoli, kobis, tomat utowo wortel to ? paling anak’ku nomor siji wae tak tukokno panganan alias snack, sedang anak nomor loro ora tak tukokno amergo dewekno lagi diet ketat panganan.
Haaaahhhh…. (menghela nafas), aku luwih okeh kie mesakke anak-anakku.. mereka kudune iso dedolanan lan ndelok padang njobo; tapi amergo sawah iki asli sawah tandus, sawah sing kudune ora ditanduri peri.. tetapi ditanduri telo amergo asli tandus tenanan. Bocah-bocah arep dolanan nang lemah tandus rak yo mesakke.. kableduk’an tok; ora mung kui.. la sing arep didelok laky o opo aku yo ra reti amergo memang tandus, godhong sing ijo-ijo we uangel tenan golek-golek’an-ne.. ono godhong tapi werno-ne wis buthek amergo campur bleduk
Aku ora reti, karepi Gusti kui meh kepie, nyenyuwunku yow is tak lakokno ndak wengi.. usahaku yo tak lakokno ameh pendak dino; kowe mesti takon, kenopo kok ora pendak dino ? kok mung ameh pendak dino.. Lha iyo ameh pendak dino, yen aku mung waton kirim pacul’ku nang ndi-ndi mungkin iso pendak dino, tetapi saiki aku mulai selektif.. aku luwih milih sawah sing kepiye aku iso luwih suwe koyo jamanne mbiyen; yen mung arep golek ‘pelampiasan’ mungkin iso wae, tetapi rak yo mung arep nggo sementara ? mung nggo pelarian lan mengko minggat meneh.. wis ora jamanne saiki, luwih becik golek sing settle amergo anak-anak wis mulai tambah gedhe.. mereka kudhu oleh sesuatu sing iso gawe settle
Mugi-mugi Gusti kui yo ngrungokno donga-ku, tulisanku lan ono mukjizat kanggo aku lan keluarga sak cepet’e. amin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar