Senin, 12 Agustus 2013

nyalahke

Aku ora nyalahke sopo-sopo, mung rasane kok aku dadine koyo mung pingin nyalahke sopo-sopo amergo opo sing kedaden karo awakku
Wong-wong kui podo ora salah, kenopo aku rosone muangkel banget karo dewekno kabeh..
Aku sing tanda tangan nang mrene, aku dewe amergo karepku mrene.. tapi aku iso rosone mung arep nyalahno kabeh uwong nang kene
Kok iso ? aku yo ra reti, koyo wong denial bahwa kabeh kui sakjanne aku sumber’e.. kan keputusan aku dewe sing gawe.. tapi opo bener aku dewe sing gawe ??
Ora juga menurutku, amergo dalam rangka pengambilan keputusan kui aku yo ngrungok’e seko pendapat’e uwong.. lan keberatan’e pia pie-ne..
Dadi ora kabeh kui murni aku… saiki aku mutuske iki ngene lan ngono, amergo yo krungu seko pendapat’e uwong lan bobot’e saji lan siji’ne to ?
 
 
 

males

Ketemu lan nulis maneh nang kene, lagi iso nulis saiki amergo lagimbalik macul maneh. Iyo lagi mbalik nggo macul maneh. Sak barre prei Bakdan wingi…
Aku kie angger pendak mlebu ruangan iki roso’ne mesti aras-arasen wae.. ora tau kok le kepenak lan seneng, koyo biasa aku mlebu nang ruangan wektu isih nang Ngastino
Aku terus terang sak janne pingin cerito okeh tapi aku lagi bener-bener males
Lan aku lagi wegah nulis ndisik..
 
 
 
 

Minggu, 04 Agustus 2013

settle

Sak persawahan gedhe iki saiki podo njupuk prei kabeh amergo meh bakdan alias lebaran. Tonggo teparo podo wis menyang bali kabeh nang kampong kit dino kemis minggu wingi. Aku iso ndelok kepie rai-ne podo sumringah kabeh amergo meh bakdan nang kampong.. bejane wong wong kui kabeh..
 
Lha aku dewe ? aku dewe karo keluarga yo stuck nang sawah kene, durung ono sisi positif pun durung ono kabar sing iso didadekno kabar apik.. kenopo ? lha amergo memang ora ono sing iso didadekno sesuatu sing nggo kabar apik. Wingi wae weekend, aku ro bojo yo mung metu kie nang supermarket golek barang-barang kebutuhan mingguan; aku kadang mesak’ke sing mbiyen selalu ngajak dolan anak-anak amergo emang wayah’e weekend kie nggo dewekno.. ee.. saiki mung diajak nang supermarket
 
Ndelok opo ? rak yo mung ndelok brokoli, kobis, tomat utowo wortel to ? paling anak’ku nomor siji wae tak tukokno panganan alias snack, sedang anak nomor loro ora tak tukokno amergo dewekno lagi diet ketat panganan.
 
Haaaahhhh…. (menghela nafas), aku luwih okeh kie mesakke anak-anakku.. mereka kudune iso dedolanan lan ndelok padang njobo; tapi amergo sawah iki asli sawah tandus, sawah sing kudune ora ditanduri peri.. tetapi ditanduri telo amergo asli tandus tenanan. Bocah-bocah arep dolanan nang lemah tandus rak yo mesakke.. kableduk’an tok; ora mung kui.. la sing arep didelok laky o opo aku yo ra reti amergo memang tandus, godhong sing ijo-ijo we uangel tenan golek-golek’an-ne.. ono godhong tapi werno-ne wis buthek amergo campur bleduk
 
Aku ora reti, karepi Gusti kui meh kepie, nyenyuwunku yow is tak lakokno ndak wengi.. usahaku yo tak lakokno ameh pendak dino; kowe mesti takon, kenopo kok ora pendak dino ? kok mung ameh pendak dino.. Lha iyo ameh pendak dino, yen aku mung waton kirim pacul’ku nang ndi-ndi mungkin iso pendak dino, tetapi saiki aku mulai selektif.. aku luwih milih sawah sing kepiye aku iso luwih suwe koyo jamanne mbiyen; yen mung arep golek ‘pelampiasan’ mungkin iso wae, tetapi rak yo mung arep nggo sementara ? mung nggo pelarian lan mengko minggat meneh.. wis ora jamanne saiki, luwih becik golek sing settle amergo anak-anak wis mulai tambah gedhe.. mereka kudhu oleh sesuatu sing iso gawe settle
 
Mugi-mugi Gusti kui yo ngrungokno donga-ku, tulisanku lan ono mukjizat kanggo aku lan keluarga sak cepet’e. amin
 
 
 
 
 

Kamis, 01 Agustus 2013

Rencana Gusti

Aku ora reti, wingi bengi aku diskusi karo bojo soal Gusti sang pangeran
Dewe diskusi sembari ngancani bocah-bocah turu, ngobrol’ke dengan tema
“opo bener Gusti kui nduwe rencana nggo manungso ?”
 
Soal’le pertanyaan-pertanyaan sing metu adalah :
  1. Yen bener nduwe rencana nggo tiap menungso, berarti menungso kui koyo boneka (puppet) wae ? alias ono dalang’e sing nggerak’ke mrono-mrene, persis lagu’ne Nike Ardilla sing judule Dunia Sandiwara ?
  2. Opo rencana Gusti kui koyo dalan ombo (dalan tol), nah tergantung dewe akhir’e meh lurus utowo meh mbelak-mbelok lan kesandung-sandung utowo pie ?
  3. Opo Gusti malah asli ora nduwe rencana nggo menungso ? asli dibebas’ke lan menungso bebas ngisi ndonyo iki sak karepe dewe.. arep kepie terserah..
 
Misteri misteri kui ora ono sing reti, opo meneh nggo menungso koyo dewe iki. Tapi pertanyaan kui timbul yo ora ujug-ujug metu ngono wae.. kabeh kui yo ono sebab musabab’e to. Seketika pengharapan kui muncul lan ora tau kechandak.. mesti dewe selalu pitakonan..
  1. Kenopo kok ora dikabul-kabul’ke
  2. Padahal aku butuh cepet
  3. Pinjaluk’e Gusti kui sak-janne opo
  4. Kenopo sengsoro banget aku
  5. Kenopo iki musti kedadean karo aku
  6. Kenopo durung ono jawaban
  7. Lan okeh liyanne pertanyaan pertanyaan kui
 
Tapi opo daya menungso ? isone yo pia-pie amergo ora jelas terus kudu kepie.. sedangkan posisi semakin suwe semakin ora jelas, maksut’e kenopo Gusti ngono ? opo ono sing reti..