Dino iki mau asli aku blas ora ngopo-ngopo nang kantor, mbuh amergo ra ono semangat opo mergo gantuk. Wengi'ne kan aku turu jam 5 sore lan tangi jam 9 wengi, seko jam 9 nganti jam 3 esuk asli blas moto iki ra iso diajak turu. ketap ketip ora iso ngopo-ngopo, dadi yo mung ngelok internet, sinau lan mbuk klesak klesik tok. Kui mau nganti jam 3 esuk, bar lepas jam 3 esuk lagi moto rosone ngantuk banget, aku wis ngroso iki bakalan dadi masalah mengko nang kantor..
Tangi turu jam 6 lan langsung adus, mangan lan mangkat nang kantor bareng konco (amergo isih nebeng), tekan kantor jam 7 an esuk lan langsung nang ruangan, amergo ruanganku saiki anget howo'ne, dadi roso ngantuk kie jan asli gawe susah moto iki ben tetep melek. Terang ae lagi pirang menit, mung angop tok aku.. pingin turu. Akhir're yo wis.. tutup pintu lan turu nang kantor nganti awan, asli tangi temenanan moto iki jam 1 an. dadi nang kantor effektifnya mung 2 jam, amergo jam 3 wis bali.
tekan kosan yo mangan seo, endok, tahu anggo sayur pare. wis bar kui adus lan tilpun2 nan dhilit, terus ngetik deh iki blog.. iki mengko jam 10 wengi meh turu ah, ben ora nglangut koyo mau, asli gawe ora kepenak, tetapi memang gawean'ne rodo aneh nang kene iki, mbuh kok rung ono roso pingin melakukan sesuatu sing bedho.. amergo wong-wong'e yo rodo nganehi sitik.
Model'le wong nang kene, ora terbatas karo nasionalitas; kui do ngumpet-umpet ide lan pingin ngerti ide'ne wong liyo dhisik.. kuwi sing aku tangkep, dadi nang kene iki nak iso njupuk ide'ne wong liyo lan dianggep ide'ne dewe.. aku sih ora pati masalah koyo ngono amergo aku yo ora nduwe kekarepan bakalan suwi nang negoro iki, yoo mung mampir ngombe bar kui kudhu mencelat meneh mbuh nang endi mengko kecantol'le
sing iso tak lakukan saat nang kene iki, iso moco okeh paper, buku lan sinau luwih, yen mbiyen kan ora sempet koyo ngono dadine isine mung terimo gawean, dikerjakno lan bar... alias terima order, lha saiki luwih seko kui.. dadi yo disatu sisi aku seneng lah, nduwe wektu luwih okeh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar