Rabu, 24 Oktober 2018

anak ku video

Anakku sik nomor siji saiki seneng gawe vlog, kui video nang yutub. Pingin dadi yutuber selagi ono nang nggurun; aku sabai wong tuo yo ndukung kekarepanne dewekno senajan makaryo nang industry iki okeh intrik sik malah nak ra kuat iso stress gae nesu nesu tok lan mangan ati

 

Yo digawe pendek ae muk dadi pegawe terus

 

Kenopo tak dukung dadi yutuber? Amergo ben dewekno malah dadi PD lan due sesuatu sik iso dewekno banggaken mengko ne, wong tuo mung iso mbukakke dalan.. selebihhe dewekno dewe sik kudu mlaku. Yo alon alon ngko kudu tak ajari computer juga.. dadi dewekno iso latihan dewe lan ngedit dewe

 

Mugo mugo lancar

oktober 2018 suog

sakjanne makryo ki yo aku tenanan kit mbiyen; opo sik ono hawean yo digawe lan wenehi input sik tenanan; tapi yo kui mau cen suog

lha wong kepie; kabeh ra jelas saiki

coba rono rene ora ono jawaban, ono jawaban tapi ra positif; wis piro wae.. okeh banget.. percis wektu mbiyen nang nggone menara kembar lo

blasss koyo ora ono sik jawab

aku lagi bingung carane ngene; umur nyelot tuo tapi koyone ora tau nemokke sik kepenak nggo tentreming ati lan pikiran.. sabar? yo sabarre wis kesuen kit 2014 sept ki regone remuk lan okeh sik ora iso lanjut makaryo

aku isih slamet tapi manteng ae posisi ne, mbuh kit 2013 nganti saiki aku nulis

lha pie wingi malah wong liyo sik etuk bintang; akune yo sik kroco mumet; nganti kapan koyo ngene iki rek. ora ono kejelasan opo setidak’e ono harapan

mbuh nganti kapan ngene iki.. macul nang lemah sik ora iso ditanduri

kilas seko 2014 nganti 2018

tulisan terakirku nang blog iki 2014, sak barre kui aku lali alamat blog iki. tujokno blog iki isih mlaku lan iso tetep moco tulisan tulisanku mbiyen

iki aku meh kilas balik 2014 nganti 2018 rekapan sik isih iso tak eling eling

2014

urusan omah nang bekasi sik beres tandatangan ajb

2015

anak bojo sik nang indonesia

2016

dewean nang nggurun

2017

anak bojo balik nang kene