Senin, 02 Desember 2013

mari seko prei'nan

Esuk iki mau aku krungu seko status FB koncoku yen kumpeni ku sing mbiyen akhir’e wis ketok sopo sing tuku (pembeli) ne, kuiw perusahaan patungan negoro Ngastino karo negoro tonggo. Yo aku sih biasa wae, ora ono roso kepiye ngono. Mung seneng lah akhir’e bahwa dodolan’e pancen tenanan.. amergo yen ora sido, aku malah gelo banget.. tiwas wis minggat tho?
 
Selepas’e kui, iki mungkin tulisanku wis suwe banget ora ono kabar’e.. terus terang wae, 3 mingguan aku bali nang Ngastino karo keluarga… istirahat sejenak. Prei kui ora kroso dadi cepet banget lan kudhu balik maneh nang kene
 
Semenjak teko mlebu ruangan kantor nganti saiki, aku nyobo pie ben iso krasan lan happy yo nang kantor yo karo negoro’ne; tetapi isih kroso susah banget mbuh kenopo. Isine mung pingin nesu lan mangkel dengan tabiat sing ono nang kene. Terus terang; wong lokal’e apik.. nggak ono masalah; mung to wong seko negoro liyo sing seneng gawe masalah
 
Aku ora reti kedepan’e kepiye yen ngene kie terus..
Mbuh!
 
 
 
Best Regards,
 
 
 
Anton PRAKOSO
KOC/EXP/ES/G&G/GEO