sepisan seminggu minimal aku skypan karo mamah, suatu sing aku selalu rindukan selama ini dan wis meh 2 taun iki aku makaryo nang njobo.. "macul" istilahku.
nah kanggo sing moco blog'ku iki, istilah macul nang Njobo (njobo negoro Indonesia - Ngastino) kui ono positif ono negatif'e, aku mung pening nulis se-obyektif mungkin nggo kabeh sing moco blog-ku ini, ora ono sing ditutup-tutup'i lan nggo ndelok sak'jati ne kerjo nang njobo kui kepie, seko sudut kabeh-kabeh'e. Sing meh tak tulis iki asli kerjo nang njobo, dudu model short term assignment utowo mung sekedar assignment, tetapi musrni kowe nglamar nang perusahaan njobo lan urip nang kono karo anak bojo, dudu juga wong sing on-off (utowo anggo schedule).
aku nulis seko positif'e sik.. iki ora tak rangkai tetapi mung langsung nulis. Dadi yen ono sing ketinggalan ojo salah'ke aku
1. Income Nambah
Mesti wae kerjo nang njobo, income mu bakalan nambah, amergo koefisien adoh seko 'home country', dadi normal yen digaji luwih dhuwur tinimbang koe kerjo anng negoro Ngastino. Tetapi ojo seneng dhisik soal iki, mengko dijabarno nang negatif'e :)
2. Mandiri
Kerjo nang njobo karo anak-bojo, melath dadi mandiri, kabeh diusahak'e dewean lan dikerjak'no dewe. Iso sih anggo housemaid / pembantu tetapi ndelok-ndelok negara'ne. Yen koyo Timur Tengah/Asia, kowe iso golek housemaid. Tetapi yen Eropa lan Amerika.. ojo pikir iso mbayar pembantu. Larang..
3. Pendidikan Nggo Anak
Tergantung karo negoro sing meh mbook tuju, beberapa negara fasilitas pendidikan apik banget nggo anak. Seko bahasa Inggris'e lan model pengajarannya
4. Belajar Culture/Budaya negoro liyo
Yen kerjo nang njobo yo apik'e kowe sinau culture wong liyo. Nah sing selama iki mung ndelok seko TV utowo krungu-krungu, kuwi ora iso digeneralisir yen kowe ora ngalami dewe to.. nah yen ngalami dewe, kowe iso ngerti sak tenan'e pie budaya pendak negoro kui
5. Tambah Pengalaman nang CV
Yen kowe kerjo nang njobo, value added kanggo CV mu, yen ora betah yo tinggal nggolek-nggolek. dadi positif'e adalah pengalaman kerjo sing apik banget kanggo kowe ne
6. Luas wawasan'ne
Yen kowe wis nang luar negeri kerjo kowe bakal luas wawasanne dalam pengertian luwih terbuka dengan banyak karakter uwong. Tetapi sepanjang pengalamanku; yo ono wae wong Indonesia sing ish kuno pola pemikiranne, iki pendapat pribadi yo. Yen kowe kerjo nang Njobo, sekalipun menurutku ojo pernah nggowo-nggowo Kepercayaan dalam pergaulan sehari-hari atau kerja, dadi'o wong sing profesional. Kerjo yo kerjo, kumpul karo konco2 yo kumpul. Urusan karo Yang Transenden kui urusan pribadi lan keluarga.. rasah digowo gowo
7. Dolan-dolan
Nah yen iki, biasa'ne seneng'e ibu-ibu :) iso dolan-dolan gratis, gratis kepie.. la iyo wong nang luar negeri kok.. kapan meneh iso loncat2 nang negoro :)
NEGATIF
1. Pemasukan besar = Pengeluaran besar / Gaya Hidup
Nah iki.. beberapa uwong yo ngomong, soal pengeluaran kui tergantung dewe'ne.. aku setuju banget soal iki. Tetapi dibanding'no dengan pengeluaran nang Indonesia tetep luwih gedhe.. ora percoyo ? Mungkin sekolah anak dibayari kantor, kesehatan barang.. tetapi biaya groceries, dolan-dolan/travelling, durung duti sing ditransfer nang keluarga/ortu tentunya meningkat juga, lan gaya hidup, ora mung kui. Ono beberapa perusahaan sing kesehatan tidak di-cover di home country; maksut'e yen pas cuti, bali nang Indonesia terus ono sing loro.. ora di cover karo kumpeni. Nah koyo sing aku ngomong sak durung'e, iki dengan asumsi kowe bener2 kerjo nang luar neger.. ngalamar nang perusahaan luar negeri. Durung ono perusahaan sing menarik kita dengan asumsi sebagai LOCAL employee dudu EXPAT. Nah yen ngene, tentune biaya bali ke home country, yo biaya dewe/sole cost
2. Adoh seko keluarga
Adoh seko keluarga dudu maksut'e adoh anak, bojo... kan anak bojo melu dewe. Adoh seko keluarga kie yo adoh seko mbak, mas adi, ibu, bapak, sedulur, pak'de lan okeh mau. Wektu'ne kumpul ora iso kumpul, dsb. Memang saiki jaman'e Internet. Ono Skype, BBM, YM, Google Chat dll. tetapi kui mau rak mung TOOL. Percaya tidak, secara statistik lebih dari 85%; meski komunikasi iso lewat alat kui mau.. ada perasaan yang berbeda, lain halnya yen kowe iso bertatap muka langsung (dudu lewat FACE TIME)
3. Pendidikan Nggo Anak
Ono positif lan negatif'e.. yen kowe suwe netap nang satu negoro, yo kui positif banget. Tetapi yen rencanane mung arep pindah2 ? mesak'e anak, opo meneh yen isih cilik.. di sisi positifnya anak iso mandiri dan mudah bergaul karena terbiasa karo bedo lingkungan. Negatif'e.. yen anak ora iso bergaul karo konco2 sekolah'e.. iki tentune mesak'e anak to
4. Adaptasi
Nah iki bedo uwong bedo masalah'e.. ono uwong sing gampang adaptasi, ono juga sing sebaliknya. Kui tergantung kowe'ne? Ojo gampang men-judge diri sendiri, yen gampang adaptasi, biasa nang luar negeri, biasa adoh karo keluarga, dsb. Survey membuktikan bahwa orang-orang koyo kui malah kebanyakan punya sifat 'Home-Sick' tinggi. Terus salah ? ora sama sekali, mung makstu'ku siap-siap lan ati-ati, nah nggo ngantisipasi iki; buatlah rumah mu senyaman mungkin, se-homy mungkin.. sehingga anak bojo lan kowe'ne betah.Iki rodo iso ngurangi penyakit 'home-sick' kui mau.Dadi urusan ngene kui, butuh biaya UNLIMITED lo.. dalam artian; soal membuat suasana nyaman ditempati dan mengurangi 'home-sick' ini butuh biaya un-capped alias ojo dibatesi. Soal'e pada akhirnya sing keno akibat'e yen ora kowe yo anak-bojo mu -- berarti pengeluaran tambahan maneh to
5. Singgahlah di suatu negara apes'e 2-3 tahun
yen iso netap nang suatu negoro kui minim 2-3 tahun, yen wis ora kuat tenan yo apes'e 1 tahun. kenopo setahun. Aku ngomong dalam tempo minimal setahun kowe bakalan setidaknya reti workflow kerjo, tipikal wong kerjo nang perusahaanmu lan piye negosiasi dengan mereka. Yen punjul seko setahun kui model;e isih tetep ngono.. metu wae, berarti kowe ora cocok. Dipekso luwih suwe juga mesakke kowe lan keluarga to ? setahun kui waktu yang cukup nggo adaptasi (full adaptasi), kudune selepas kui, yen kuat yo lanjut.. yen ternyata memang model/sistem'e ora cocok meki kowe wis iso adaptasi ro gawean.. yen aku yo metu. Ora ono positif'e diterusno.. soal kondite lan elek nang CV.. aku luwih ndelok'e quality of life... ngopo diterusno yen akhirnya kowe mung nggresulo, kekeselen kerjo, lan loro-loro'nen tok?
6. Wawasan
Kembali tergantung dewe'ne.. seperti tak tulis mau. Ono joga wong sing wis kerjo nang LN tetapi wawasan'ne isih 'kacangan', iki kembali soal 'gawan bayi', yen wis asli gawan'e ngono yo arep dipeyek'e yo tetep wae susah
7. Dolan-dolan
Dolan-dolan yo ono positif'e nggo refreeshing.. tetapi akibat'e yo pengeluaran juga kan ? sedikit banyak ada pengaruhnya lah, terlepas kecil prosentase'nya
Nah kui mau sedikit soal POSITIF lan NEGATIF'e kwerjo nang LN. Kesimpulan akhir sing iso diambil.. semua tergantung kowe'ne, ono beberapa orang sing seneng.. ono juga sing akhir'e bali nang Indonesia. Tetapi pada akhirnya/intinya.. lebih dari 65% sing tak delok.. kabeh bali nang Indonesia, terlepas karena wis tuo, ora betah utowo pingin ngoyak karir lan dudu duit maneh. selebihnya tetep tinggal dan dadi warga negara liyo/pindah kewarganegaraan.
Nah kerjo nang LN kui berarti kudhu disiap'ke mateng-mateng tenanan. Mental lan Fisik, ora gampang lan ora susah juga.. kabeh mau relatif, gampang istilah'e yen memang kowe 'click' karo negara'ne.. susah yen kowe utowo keluarga 'ora click' karo negara'ne.. nah soal click ora clik iki kudu dipikirno dan disip'no semenjak debelum ngambil keputusan meh kerjo nang LN. Terus disiapno PLAN B juga, piye lan kepiye yen terjadi sesuatu. Aku model orang sing 'WHAT IF', dadi ora ndelok sesuatu secara gampang, luwih dipikir dowo lan adoh yo.. kembali kui mau, tergantung tiap orang
Aku ora mencoba menggiring pembaca nggo melu opo pendapat lan pikiranku, semua mung kudhu dipikir mateng. Kerjo lan urip nang LN kui dudu mung soal kowe karo kantor tok, tetapi luwih soal anak-bojo bakalan betah ora, soal'le yen mereka ora betah, berimbas nang gawen-mu juga to? begitupula sebaliknya..