Rabu, 11 Juli 2012

bapak morotuo sedo

iki mau etuk kabar sedih seko bojoku yen bapak morotuoku dino seloso, 11 juli 2012 sedo jam ~7 esuk; kabar iki koyo kabar disamber geledek atiku.. rasane sedih banget

kelingan jaman bapakku sedo jam 3.30 esuk 5 feb 2006, dino minggu; rasane yo sedih bgt.. koyo dadi mumet, ora karuan atiku, langsung mikir terus kedepanne aku pie.. lan okeh banget sing dipikir; kabeh mau campur aduk rak karuan

aku iso ngrasakne opo sing dirasakno bojoku amergo aku wis pernah dalam posisi kui, ora gampang nglalek'no.. wong istilah'e ameh ndak dino mbiyen sak omah, dolan bareng, gojek bareng lan nang grejo bareng sak keluarga.. ndang-ndang kudu pisah

kadang pikiran ngono kui ora gampang dilalekno, aku butuh setaun luwih nggo nyimerke, bahkan ndak ono sing cerito pie bapakku mbiyen pinter lan hebat'e.. roso atiku karo mamahku kadang njur podo takon 'cobo yen papahmu isih ono, ndah seneng'e....'

roso ngono kui selalu tak rasakno lan tak pikir nganti saiki, meski wis 7 taun papah ninggalke dewe dewe iki saklawas'e